Khotbah yaiku
salah sawijine pidhato utawa micara ing sangarepe wong akeh kang utamane
ngandharake babagan ajaran agama kang migunani kanggo sanguning urip. Lumrahe
khotbah katindhakake dening Ulama/Kyai ing sangarepe umat. Tujuane yaiku
kanggo menehi kawruh lan nasehat marang wong kang ngrungokake.
Khotbah
umume katindhakake saben jumat nalika nindakake sembahyang jumatan, sak bubare
nindhakake Sholat Idul Fitri lan Idul Adha, pengajian, lsp.
Pidhato/ tanggap
wacana/ sesorah yaiku njlentrehake ide/gagasan sacara lisan kang
katujokake marang bebrayan.
a) Carane
nganggo klambi, klambine kudu resik, rapi sopan, lan jumbuh karo kahanane
pamireng pidhato iku. Carane nganggo klambi iku kudu bener lan pener.
Umamane: peci ora oleh miring, jenis klambi uga nyesuekake karo kahanan
pamireng.
b) Carane
ngadheg ing podium, sadurunge diwenehi wektu dening wong kang macakake pranata
adicara, becike pemicara lungguh ana papan kang rada ndhelik. Aja lungguh ing
ngarepe pamireng, amerga penampilane mengko ora duwe daya kejut. Anggone mlaku
tinuju podium kudu kanthi lumrah, ora digawe-gawe, sadurunge ngomong, ambegan
lan nyawang kabeh para pamirenge kanthi sumringah. Anggone ngadek kanthi jejeg
lan aja nyendherake awak ning podium.
c) Carane
nyekeli mikrophon, mikropun digoceki kanthi lumrah, aja dolanan kabel utawa
nggaya kaya penyanyi ning panggung. Mikropun karo lambe aja nganti kadohan lan
uga aja kecedhaken.
Carane
pidhato kuwi ana papat, yaiku:
1. Ngapalake,
2. Spontanitas
(impromptu),
3. Njlentrehake/njabarake
kerangka pikiran (ekstemporan), lan
4. kanthi
maca naskah.
v Nulis
pidhato kuwi kawiwitan saka nilis tema, subtema, banjur nemtokake
irah-irahan/judhule pidhato. Dene Cengkorongan naskah pidhato yaiku:
1. Pambuka,
ngemot salam, pakurmatan, syukur marang Allah, lan panuwun
2. Isi,
ngemot bab-bab kang gegayutan karo tema, subtema, lan irah-irahan
3. Panutup,
isine dudutan, pangarep-arep, nyuwun pangapura, lan salam panutup
v Carane ngandharake
isine pidhato iku werna-werna miturut tujuan, kaanan lan pendekatane.
1. Miturut
tujuane pidhato
a. Pidhato
kang Menehi hiburan
b. Pidhato
kang Menehi kawruh
c. Pidhato
Ajak-ajak
2. Miturut
kaanane pidhato
a. Kaanan
resmi
b. Kaanan
setengah resmi
c. Kaanan
ora resmi
d. Kaanan
liya-liyane
3. Miturut
pendekatan isi
a. Pendekatan
intelektual
b. Pendekatan
moral
c. Pendekatan
emosional
Pawongan
kang tanggap sabda kudu nggatekake:
— Swara
kang teges lan cetha
— Busana
kang cocok karo kapreluane
— Solah
bawa kang prasaja, anteng, manteb lan ora kaku
— Bisa
ngolah basa kanthi becik
Kajaba
iku pawongan kang tanggap sabda kedah gladhen:
Wicara :
pocapan kudu teges lan cetha
Wirama :
ora kecepeten lan ora kerindhiken
Wirasa : ngerti swasana /kahanan
Wiraga : awake kudu anteng lan mrebawani