BANCAK
– DHOYOK
Bancak
: Dhoyok, Dhoyok! Njanur gunung, kadingaren anggonmu sowan teka rada
kawanen.
Dhoyok:
Hem, Kyai! Jenang sela, wader kalen sesondheran. Apuranta, yen wonten
lepat
kawula.
B.
: Iya, Dhoyok, bada-bada wis benere padha apura-ingapura.
Dh.
: Hem! Hulun caos atur, kyai.
B.
: Arep kotibakake gendhing Montro, Dhoyok?
Dh.
: Hem, ora. Menyan seta, setane argula sasra. Ketiwasan, wartane kurang
prayoga,
Kyai.
B.
: Elo! Babal bunder manglung kali. Ana kabar apa, Dhoyok?
Apa
anakmu omahmu kebanjiran?
Dh.
: Ora, Kyai.
B.
: Keplindhes sepur?
Dh.
: Ora, Kyai.
B.
: Dom jala, Mbok coba, kandhakna sing terang!
Dh.
: Hem! Aku mentas dadi anake wong akeh akeh, Kyai.
B.
: O, genahe kowe kuwi mentas rabi maneh, Dhoyok?
Dh.
: Ora, kyai. Bremara wismeng bantala, kyai. Dak matur, nanging kelor wana,
Aja
Eru (serik atine), Kyai.
B.
: Ora, Dhoyok.
Dh.
: Hem, Kyai! Mau esuk kesuwen olehku ongkang-ongkang, pacitane jadah-jenang.
B.
: Ongkang-ongkang kathik nganggo pacitan barang.
Dh.
: Sing ongkang-ongkang lambeku, Kyai.
B.
: O, wedangan, Dhoyok.
Dh.
: Iya, Kyai.
B.
: Mina galak neng samodra. Bacutna Dhoyok, kandhamu!
Dh.
: Iya, Kyai. Sarehne wis awan, dhuwet alit rerentengan. Sowanku mlayu-mlayu,
Kyai.
Tujune ana becak.
B.
: E, kowe duwe samben, Dhoyok?
Dh.
: Ora, Kyai. Aku ora mbecak. Nunggang becak, Kyai.
B.
: Wah! Saiba anggonmu ngedhangkrang. Teruse kepriye, Dhoyok?
Dh.
: Ya kuwi, Kyai! Bareng tekan ngarep pasar, becake rangkulan karo kancane.
Pring
dhempet, tanpa kandha-kandha, aku diutahake: glogok.
B.
: O, memelas! Kowe tiba, Dhoyok?
Dh.
: Hem, Kyai! Aku meh nyungkemi Ibu Pretiwi. Wong sapirang-pirang, petis
manis,
ngucap bebarengan: “Anakku, ngger!”
(Padmosoekotjo,
1988 : 23 – 24)
Wangsalan
ingkang wonten ing pacelathon Bancak – Dhoyok :
Njanur
gunung = kadingaren
Jenang
sela (injet = apu) = apuranta
Wader
kalen sesondheran (sepat), yen wonten lepat kawula
Menyan
seta (tawas) = ketiwasan
Setane
argula sasra (kembang mawar) = wartane kurang prayoga
Babal
bunder manglung kali (Lo) = Elo
Dom
jala = coba
Bremara
wismeng bantala (tawon kang manggon ing lemah = tawon tutur) = Dak matur
Kelor
wana = wit weru = aja eru (aja serik)
WANGSALAN
Wangsalan
yaiku unen-unen kang surasane memper(kaya) cangkriman, nanging batangane wis
disebutake pisan sanajan mung sinandi(ora diblakakake)
Tuladha:
Roning
mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso.
Roning
mlinjo: godhong mlinjo=so;ngaso
Jenang
gula ya ndhuk, kowe aja lali.
Jenang
gula: glali(lali)
Njanur
gunung mas, kadingaren malem minggu dolan mrene!
Janur
gunung: aren(kadingaren)
Jenang
sela, wader kalen sesondheran. Apuranta, yen wonten lepat kawula.
Jenang
sela(watu): apu(apuranta)
Wah
mbok ora ngeyong kali, ngece. Ngeyong kali (ece)
Lagi
nggodhong gedhang garing(klaras) kang. Lagi nglaras wedangan nasgithel sinambi
ngrungokake campursari.
Kethek
putih(Anoman), wong anom aja wedi kangelan.
Yen
lagi ana wong tuwa ngendikan kuwi aja nglemah bengkah(tela) mundhak saru,
senengane nyela-nyela.
Wangsalan
sinawung ing tembang.
PANGKUR
Jirak
pindha munggwing wana,
Sayeng
kaga, we rekta kang muroni,
Nyenyambi
kalaning nganggur,
Wastra
tumrap mustaka,
Pangikete
wangsalan kang sekar pangkur,
Baon
saben ing nawala kinarya langen pribadi.
Jirak
pindha munggwing wana: kesambi
Sayeng
kaga:kala
We
rekta kang muroni: anggur
Wastra
tumrap mustaka: iket
Baon
sabin ing nawala: karya
WANGSALAN
ING PACELATHON
Pacelathon
1
Ajeng
: lha kok njanur gunung kuwe tekan kene ?
Arip
: mau seko ngeterke adikku latihan, mampir sisan
Ajeng
: oalah, adikmu latuhan opo ?
Arip
: latihan gamelan ing sekolahanne
Pacelathon
2
Ridho
: ono opo yu kuwe tekan kene ?
Ayu
: aku mung pengen nggentha dara kuwe
Ridho
: hah ? Opo kuwi tegese nggentha dara ?
Ayu
: mosok kuwe ora reti ? Iku lo, aku mung pengen nyawang kuwe
Ridho
: oalah, kuwe kangen yo karo aku ? Haha
Ayu
: ih, ogah ya do !!
Pacelathon
3
Parno
: seko ngendi wae to kuwe kuwi ?
Anake
: saking main ps pak
Parno
: dienteni kawit mau ora bali-bali
Anake
: kulo nyuwun sewu pak, wonten nopo pak ?
Parno
: sing ngenteni nganti nyaron bumbung ngenge
Pacelathon
4
Sugeng
: ijek ileng karo aku rak jeng ?
Ajeng
: aku pernah nyawang kuwe ? Sopo ya ?
Sugeng
: aku kancamu TK biyen, kelingan rak ?
Ajeng
: oalah, Sugeng aku dadi mandhan rawa karo kuwe
Pacelathon
5
Sujiwo
: mbak nek antri sing rapi mbak
Ani
: mriku sinten ? Kulo mbonten kenal
Sujiwo
: yo maksute ojo nglemah bengkah mbak
Ani
: inggih pak, kulo nyuwun sewu pak
Tidak ada komentar:
Posting Komentar