Wayang kulit utawa
wayang purwa yaiku wayang sing digawe saka walulang. Nyritakake lelakone
Ramayana lan Mahabarata. Kajaba wayang kulit, ana sawetara jenis wayang liyane,
kayata:
1. Wayang
wong
Wayang sing paragane
wong, uga nyritakake lelakone Ramayana lan Mahabarata.
2. Wayang
beber
Yaiku mori kang
digambari wayang ditontonake sarana dibeber, yen wis rampung banjur digulung
maneh. Nyritakake lelakone Jaka Kembang Kuning karo Dewi Sekartaji.
Miturut Kitab Sastra
Mirudo, wayang beber kadamel taun 1283 (gunaning Bujangga nembah Ing Dewa),
Muncul lan ngrembaka ing jaman Majapahit. Wayang beber tertua wonten ing tlatah
Pacitan, dusun Gelaran desa Bejiharjo Karang Mojo Gunung Kidul.
Wayang sing nyeritakake
lelakone Panji Asmarabangun, Dewi Candra Kirana, lsp.
(bentuknya hampir sama
dengan wayang purwa. Wayang gedhog diciptakan oleh Sunan Giri tahun 1485 (Gaman
Naga Kinaryeng Bathara) saat mewakili Raja Demak yang melakukan penyerbuan ke
Jawa Timur. Wayang gedhog berasal dari pertunjukan wayang yang tanpa diiringi
dengan kecrek sehingga bunyinya hanya ”dog” yang dominan. dan berkembang pada
jaman Majapahit)
4. Wayang
klitik (krucil)
Wayang sing digawe saka
kayu gepeng, nyriyakake Prabu Kenya, Damarwulan, Menak Jingga, lsp. Critane
saka kerajaan Pajajaran nganti zaman prabu Brawijaya Majapahit. Gamelan kang
digunakake sangat sederhana.
5. Wayang
golek (thengul)
Wayang sing digawe saka
kayu awujud golek,nyritakake wong Agung Menek, Umar Maya, lsp. Wayang golek
dipopulerake dening Sunan Kudus. Wayang golek kang misuwur yaiku wayang golek
Asep Sunarya saka Sunda.
6. Wayang
madya
Wayang kulit sing
nyritakake lelakone parikesit saturunane. Wayang madya iki diciptakake dening
Mangkunegara IV, kang digunakake kanggo sesambungane wayang purwa karo wayang
gedhog. Crita Kang terkenal ing wayang madya yaiku crita Angling Dharma.
7. Wayang
potehi
Wayang golek kanthi
cerita lelakone wong Cina. Potehi yaiku wayang khas Tiong Hoa berasal saka Cina
Selatan kesenian iki digawa dening para perantauan etnis Tiong Hoa.
Potehi saka tembung Pou
(kain) Te (kantong) Hi (wayang), artine wayang boneka kang digawe saka kain.
Potehi ada sejak Dinasti jin (265-420 M) lan masuk Indonesia abad 16-19 M.
8. Wayang
sadat
Wayang sing nyritakake
lakon agama Islam
9. Wayang
suluh
Wayang sing nyritakake
sejarah Indonesia lan kanggo penyuluhan
10. Wayang
suket
Wayang kang digawe saka
suket, critane babagan kahanan saiki lan lumrahe kanggo pitutur utawa kritik
marang pemerintah. Asring digunakake bocah cilik kanggo dolanan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar