Wara-wara yaiku pratelan kang nerangake samubarang kang
penting, isine cekak aos, cetha gamblang tur gampang dimangerteni.
Perangane Wara-wara
1. Irah-irahan wara-wara
2. Adangiyah (Unggah-ungguhe
basa kang ngirim wara-wara)
3. Bebuka/pambuka (Ukara
Pambuka wara-wara)
4. Surasa basa/isi (isining
wara-wara)
5. Wasana basa/penutup (perangan/ukara
kang kanggo mungkasi atur)
6. Panggenan lan titi
mangsa (tempat lan tanggal)
7. Paprenah (sesambungane
wong kang ngirim karo wong kang dikirimi wara-wara)
8. Tapak asma (tandha
tangan)
9. Nama terang (jeneng
kang nggawe wara-wara)
Syarate wara-wara
Basa kang digunakake cetha, gamblang lan gampil dimangerteni
Isine cekak aos
Katujokake marang kelompok/bebrayan tartamtu
Basane komunikatif (ora ngaya wara cukup saprelune wae
lan nganggo tetembungan kang prasaja supaya bisa ditampa dening sapa wae kang
krungu lan maca).
Perangane jangkep (wara-wara mau bisa mangsuli pitakon
5W+1H)
Wujuding wara-wara
Lisan. Asring dipungiyaraken lumantar radio,lan siaran.
Ex. Siaran lelayu, wara-wara lumantar radio, lsp.
Tulisan. Lumrah wonten ing ariwarti(koran),
kalawarti(majalah) lan papan pengumuman.
Ex. Lowongan kerja, lelayu serat, wara-wara ing sekolah,
pamlet, spanduk, lsp.
Bedane wara-wara karo pawarta
· WARA-WARA
kuwi ngajak sami nyengkuyung punapa ingkang dipunwartakaken. Sipatipun
persuatif(mengajak)
· PAWARTA
kuwi mung ngabaraken pawarta. Sipatipun informatif(memberi informasi)
Babagan kang wigati ana ing wara-wara
a. Sapa sing nggawe
wara-wara kudu cetha.
b. Kanggo sapa wara-wara
kuwi katujokake kudu cetha
c. Isine wara-wara
kudu cetha, jangkep lan bisa menehi katrangan kang cukup manut kapreluane
TULADHA WARA-WARA SERATAN (tuladha wara-wara) contoh pengumuman
Tuladha I
(seratan)
(1) WARA-WARA
(2) Para kanca kang daktresnani,
(3) Kanggo mahargya pengetan dina kamardikan RI. (4) OSIS bakal nganakake lomba Maca Geguritan. Lomba bakal dianakake ing:
Dina : Setu
Tanggal : 9 Agustus 2011
Papan : Aula
Tabuh : 14.00 WIB
(5) Kabeh kelas kudu ngirimake wakile, pendhaftarane dibukak wiwit saiki, bisa dhaftar marang Bayu Pramono kelas X. Maturnuwun.
(3) Kanggo mahargya pengetan dina kamardikan RI. (4) OSIS bakal nganakake lomba Maca Geguritan. Lomba bakal dianakake ing:
Dina : Setu
Tanggal : 9 Agustus 2011
Papan : Aula
Tabuh : 14.00 WIB
(5) Kabeh kelas kudu ngirimake wakile, pendhaftarane dibukak wiwit saiki, bisa dhaftar marang Bayu Pramono kelas X. Maturnuwun.
(6) Semarang, 28 juli 2011
(7) Ketua OSIS
(7) Ketua OSIS
(8)
(9) SEPTIANI
LELAYU
Innalillahi wainna illaihi roji’un
Assalamuallaikum wr, wb.
Ngaturi uninga bilih kala dinten Senin Pon surya kaping 13
Januari 2002, wanci tabuh 04.15 WIB sampun katimbalan sowan wonten ngarsanipun
Allah SWT,
BAPAK MARTONO
Jalaran nandhang gerah sepuh. Almarhum kaparingan yuswa 83
taun. Dene jenazah badhe kasarekaken wonten pasareyan Bergota Semarang, dinten
Selasa Wage surya kaping 14 Januari 2002 tabuh 11.00 WIB. Bidal saking griya
Jl. Merpati 56 Semarang. Mbok bilih nalika sugengipun Almarhum hanggadhahi
kalepatan dhateng panjenengan sedaya, kulawarga nyuwunaken pangapunten.
Wassalamuallaikum wr, wb.
Ingkang nandhang sungkawa
kulawarga Budiyanto lan kulawarga Sudiyanto
TULADHA II (lisan)
Wara-wara diaturake saka mobil promosi keliling.
Ngaturi wuninga dhateng warga Sumber Agung lan sakitaripun
bilih mangkeh dalu kasuwun rawuh dhateng lapangan desa Sumber Agung ingkang
saprelu mirsani Pameran Pembangunan 2008.panjenengan saged mirsani asiling
budidaya alat-alat produksi tepat guna kadosta:
- Mesin
pengrontok pantun
- Mesin
parutan klapa
- Mesin
rajangan tela/pohung
Ingkang sedaya kalawau kasade kanthi regi ingkang mirah saha
barang-barangipun nggadhahi kwalitas inggil.
Panjenengan boten prelu tidha-tidha malih, sumangga
enggal-enggal tumuju dhateng lapangan…. Panjenengan uga badhe dipunaturi
pasugatan dhagelan Sandhirana Sandhirene, sumangga ampun nganti kesupen…..
LELAYU
Assalamuallaikum wr,wb.
Innalillahi wainna illaihi roji’un 3x
Ngaturi uninga bilih dinten menika (Selasa Wage surya kaping
30 Maret 2002) MBAH MARTONO sampun kapundhut tillah rohmatillah. Mbok bilih
para sedherek/saudhara hanggadhahi wekdal kula aturi takziah wonten dalemipun
MBAH NASI. RT05 RW 01 dusun Gebog Kembang. Dene jenazahipun samangke
kasarekaken tabuh 11.00 siyang ing pasareyan umum desa Kembang.
Matur nuwun.
Wassalamuallaikum wr, wb.
PAMLET
WARA-WARA
KULA ATURI NGRAWUHI
Pagelaran wayang kulit kolosal 3 dhalang kondhang, mapan
wonten ing gedung
Wayang Orang Sri Wedari Solo.
Kangge mahargya pengetan HARI IBU INTERNASIONAL INGKANG
KAPING 8
tanggal 21 Februari 2008
Pemrentah Kota Surakarta makarya sesarengan kaliyan PEPADI
Jawa Tengah, badhe ngawontenaken pagelaran ringgit wacucal sedalu natas kanthi
dhalang cacah 3.
Enthus Susmana-Warsena Slank-Ki Mantep Sudarsana, kanthi
lampahan Ngruwat Bumi Nuswantara
Ing dinten Kemis Kliwon, Surya Kaping 21 Februari 2008
Dipunsengkuyung dening wirapradangga, saha swarawati ingkang
sampun kawentar,
Sunyahni-Waljinah-Nurhana
Boten katalompen ugi dipunsengkuyung grup campursari Sangga
Buana saha bintang tamu saking Ibukota : Kirun Cs.
Kajawi menika ugi badhe dipunwonteni kepyakan:
-Java day, saben dinten kemis wajib ngginakaken basa Jawi
ing saben kantor
-Namaning kantor Pamrentahan sinerat ing seratan Jawi
-Ageman Lurik pinangka identitas Surakarta
Sugeng mirsani ....................
Sawise kosemak kanthipermati isine pengumuman mau coba
wangsulana manut prentahe!
A. Wangsulan alendhasan Pamlet!
1. Sapa kang nganakake
pagelaran Wayang Kulit kolosal?
2. Pagelaran wayang mau
kanggo mahargya dina apa?
3. Ana pira cacahe
dhalange, sapa wae?
4. Lakon apa kang bakal
dipentasake?
5. Grup campursari apa
kang bakal nyengkuyung pagelaran wayang kulit kasebut?
6. Pesindhene ana pira,
sapa wae?
7. Bintang tamune saka
ngendhi lan sapa?
8. Pagelaran wayang kulit
mau bakal katindhakaken kapan lan ana ngendi?
9. Kapan hari bahasa ibu
Internasional iku dipengeti?
10. Ing acara mau uga bakal dikepyakake apa wae
aranana!
a. Sawengi muput
b. Wayang kulit
c. Ngresmekake
d. Mrengeti
e. Tontonan
f. Sedina micara
Jawa
g. Disokong,
didukung
h. Kondhang, misuwur
i. Pesindhen
j. Niyaga,
tulkang nabuh gamelan
|
Golekaka gathuke ing sisih tengen!
1. Pagelaran
2. Mahargya
3. Kepyakan
4. Ringgit wacucal
5. Sedalu natas
6. Wirapradangga
7. Swarawati
8. Kawentar
9. Dipunsengkuyung
10. Java day
v
BalasHapus