1.
Definisi
Skenario
yaiku rantaman utawa ringkesan lakon sandiwara, drama, film, lan sinetron.
Skenario utawa naskah iku kadadean saka babak-babak.
Saben
babak, biasane dibagi perangan-perangan kang diarani adhegan, lan adhegan iku
perangane babak kang diwatesi dening owah-owahane swasana, papan, lan gentine
utawa tekane paraga liya.
Ing
sajroning skenario ana istilah kang diarani pandom, yaiku perangane naskah kang
nerangake kahanan/swasana, sipat lan tingkah lakune paraga, lan liya-liyane.
Biasane, pandom iku ditulis ing antarane tandha kurung.
Menawa
arep gawe skenario sing asale saka sawijine crita prosa, kita kudu ngowahi
wujud crita saka prosa iku dadi dialog.
2.
Tuladha Skenario
Tarno
mlebu. Ambegane ngos-ngosan, kringete pating kleler,
|
||
Yani
|
:
|
Kowe
saka ngendi, Tarno? Kok mlayu-mlayu lan ambeganmu ngos-ngosan.
|
Bambang
|
:
|
Iya,
ana apa, No?
|
Tarno
|
:
|
Saka
omahe Pak Bardi. (Isih karo ngos-ngosan)
|
Yani
|
:
|
Leren
dhisik, lan ambegane ditata!
|
Bambang
|
:
|
Yan,
jupukna banyu putih!
|
Tarno
|
:
|
(ngombe
banyu putih kang dijupukake Yani)
|
Bambang
|
:
|
Wis,
saiki critakna kadadeane kanthi alon-alon!
|
3.
Pentas Drama
Pentas
drama yaiku mraktekake utawa maragakake skenario/naskah nganggo piranti-piranti
kang nyata. Drama meh padha karo film, bedane menawa ing sajroning pementasan
drama ora bisa diendhek, yen ana kesalahan ing sajroning pentas iku, paraga
kudu bisa gawe improvisasi dhewe. Nanging menawa ing film bisa diendhek,
amarga proses gawe film iku nganggo kamera, yen ana sing salah bisa dibaleni shooting
maneh. Drama uga bisa dipadhakake karo teater, mung bae teater iku cakupane
luwih amba.
Yen
arep mentasake sawijining drama, kudu nemtokake:
- Latar lan Panggung
Latar
yaiku papan lan wektu. Papan lan wektu ing drama kudu cocok karo critane.
Upamane crita Diponegoro, panggonane ana ing Jogjakarta (bisa neng jero omah
utawa neng medhan gerilya), ing antarane taun 1825-1830.
Dene
panggung yaiku papan kanggo pentas drama kang digawe kanthi nggambarake latar.
Jenis panggung ana loro: (1) Panggung Realis, yaiku panggung nggunakake property
kang nggambarake suasana padha karo ing crita skenarione. Ing panggung realis
bisa digunakake backdrop, yaiku kain kang ana gambare kang bisa digulung
utawa diunggah-udhunake lan mbentuk latar belakang panggung, lan (2)
Panggung Abstrak, yaiku panggung nggunakake perlengkapan apa anane utawa
simbolik.
- Alur
Alur
yaiku lelakoning crita. Alur iki isine konflik antarane tokoh siji lan
sijine, antara tokoh ala lan becik.
- Blocking
Blocking
mujudake gerak lan pindhahe para paraga ing ndhuwur panggung. Gerak lan
pindhahe paraga siji lan liyane kudu padha-padha bisa menehi panggonan, supaya
menawa ditonton dening audien ora ana paraga sing ketutupan dening
paraga liyane.
Pentas
drama dening Teater Hampa Indonesia
|
- Tata Busana lan Make Up
Busana
utawa kostum kang dienggo dicocokake karo paraga/pelakune. Upamane ana pelaku
bocah sekolah, busanane ya kudu nganggo seragam sekolah komplit karo nggawa tas
lan alat tulis. Menawa peran polisi, ya luwih becik nganggo seragam polisi.
Nanging menawa ing drama komedi, busana iku ora kudu dicocokake karo
paragane.
Make
Up
yaiku saperangkat alat kanggo ngubah penampilan wajah wong kang
dadi paraga ing drama. Upamane ing naskah ana peran wong tuwa, nanging calon
paragane ora ana sing tuwa, mula fungsi make up iku dienggo
ndandani rai calon paraga iku supaya katon tuwa.
- Lampu (Lighting)
Lampu
utawa lighting iku digunakake kanggo pementasan drama menawa dimainake
ing wayah wengi. Werna lampu kang dienggo ing pementasan drama bisa akeh
kayata: abang, kuning, biru, ijo, lan liya-liyane. Werna lampu iku saliyane
kanggo penerangan lan nambah daya estetika uga kanggo nggambarake
suasana crita. Padhang-petenge lampu bisa diatur nganggo alat setelan lampu dimmer.
Lampu
kanggo pentas drama/teater
|
Dimmer
|
- Musik
Musik
ing drama iku dumadi saka suara-suara kang diasilake saka alat musik modern
utawa alat musik tradhisional/gamelan, kayata: gitar, biola, suling, gong, lan
liya-liyane. Alat musik uga bisa digawe saka barang-barang apa anane, kayata:
gelas, piring, botol, lan liya-liyane. Suara musik mesthine dicocokake karo
suasana adhegan, menawa adhegane sedhih musike uga kudu sedhih. Menawa adhegane
seneng ya musike kudu sing seneng.
- Perlengkapan/Property
Perlengkapan
kang dienggo ing sajroning pementasan drama iku bisa komplit utawa bisa sak
anane bae, dicocokake karo panggunge. Latar belakang/background bisa
digawe nyata utawa simbolik. Perlengkapan kang biasa dienggo ing
sajroning pentas drama kayata:
- Level,
yaiku kothak kanggo ngadeg paraga kang dhuwure kira-kira 40 cm, lan
ukuran ambane ora ditemtokake,
- Meja lan kursi, luwih becik kang
digawe saka kayu lan bobote entheng menawa arep dipindhah ora merlokake
wektu kang suwe,
- Kembang, biasane kang wis urip ing
ngepot.
- Gambar-gambar saperlune,
- Topeng, lan liya-liyane.
- Personil
Personil
ing sajroning pentas drama iku paling ora kudu ana:
- Sutradara, yaiku wong kang ngatur
lakune drama wiwit saka latihan nganti pementasan. Sutradara uga kudu
bisa milih personil-personil liyane,
- Tata Musik, yaiku wong kang mahir
mainake musik kanggo suara latar (soundtrack) pementasan,
- Tata Lampu, yaiku wong kang tugase
ngatur pencahayaan ing panggung,
- Tata Busana lan Make Up,
yaiku wong kang nyiapake kostum kanggo paraga lan ndandani penampilan
wajah paraga,
- Tata Panggung lan Property,
yaiku wong kang tugase nyiapake panggung lan mindhah barang-barang kang
ana ing ndhuwur panggung ing saben ganti adhegan,
- Pelaku utawa paraga, yaiku
ana gegayutane karo watak. Sing kudu diterangake nalika nemtokake pelaku
yaiku: jeneng, umur, lanang utawa wadon, ciri fisik (kayata
rambut, warna kulit, pawakan, lan sapiturute), kalungguhan utawa jabatan
(raja, kawula, abdi, lan sapiturute). Sajroning milih paraga (casting),
sutradara kudu bisa milih calon paraga supaya jumbuh karo paraga kang
arep dilakoni, nanging ing drama komedi bisa kosok balene.