1.
Ukara
Prentah/pakon
Tuladha.
a. Aja
polah wae, lungguhe sing…!
Aja polah wae, lungguha
sing anteng!
b. Aja
thimak-thimik lakumu, mbok sing rada…!
Aja thimak-thimik
lakumu, mbok sing rada cepet!
2.
Ukara
Tanggap
Ukara
tanggap yaiku ukara sing wasesane oleh ater-ater tripurusa (dak, ko, di)
Tuladha:
a. Jogane
dak sapune dhisik.
b. Bukuku
apa wis kobalekake?
c. Laila
ditimbali Bu Guru menyang Kantor.
3.
Ukara
Tanduk
Ukara
tanduk yaiku ukara sing wasesane oleh ater-ater anuswara (m, n, ng lan ny)
Tuladha
:
a. Bapak
mundhut rasukan enggal, (mundhut = m + pundhut).
b. Sulistyo
nulis geguritan. (nulis = n + tulis)
c. Damar
ngunci lawang omah. (ngunci = ng + kunci).
d. Jumilah
nyuwek godhong gedhang. (nyuwek = ny + suwek)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar