Panyandra yaiku unen – unen saemper pepindhan kang surasane
mawa tetandingan sarta ngemu teges mirip utawa memper. Kang dicandra baba
becike lan mengku ngalem kaendahan, kayata kahananing manungsa, kahanane sata
kewan, kahanane tetuwuhan, kahanane alam lsp.
A. CANDRANENG MANUNGSA ( PERANGANENG AWAK )
Alise : nanggal sapisan
Astane : nggandewa gadhing
Athi-athine : ngudhup turi
Awake : ramping
Bangkekane : nawon kemit
Bathuke : nyela cendhane
Bokonge : manjang ngilang
Brengose : nglaler menclok, nguler keket
Cahyane : ngalentrih, sumunu, sumunar
Dedege : ngringin sungsang
Drijine : mucuk ri
Eseme : pahit madu, kaya madu, pinastika
Godheke : simbar rumembun
Gulune : ngolan-olan, ngelung gadung
Idepe : tumenga ing tawang
Irunge : mbangir, kencana pinantar, ngudup mlati
Jangkahe : njalak njrinjing
Jempolane : ngendas ula
Kempole : ngembang pudhak, nyikil/nyutang walang
Lakune : mager timun, macan luwe
Lambehane : mblarak sempal, merak kasimpir, nyigar
jambe
Lambene : nggula satemplik, manggis karengat
Lengene : nggandhewa pinentang
Mripate : ndamar kanginan, blalak-blalak, bawang
sabungkul
Netrane : liyep alindri
Pakulitane : ireng manis, ngulit langsep
Pamulune : prada binabar, ambengle kiris
Pawakane : ramping, gagah pidegsa
Pipine : duren sajuring
Polatane : ruruh jatmika
Praene : sumunar
Pundhake : nraju mas
Pupune : mukang gangsir
Rambute : ngembang bakung, ngandan-andan
Sinome : mbibis mabur, micis wuncar
Slirane : sedhet singset
Solahe : merak ati
Susune : nyengkir gading
Swarane : ngombak banyu
Tangane : nggendewa pinentang
Tungkake : bunder lir jinangka
Untune : miji timun, ngelar kombang
Ulate : sumeh / sumunar
Wange : nyangkal putung, ngungkal gerang
Watake : andhap asor
Wentise : ndamen meteng, mukang gangsir
B. CANDRA SOLAH BAWA ( TANDANG GAWE )
Lakune kaya macan luwe.
Pangamuke kaya bantheng ketaton.
Swarane kaya mbelah – mbelahna bumi.
Lambeane mblarak sempal.
C. CANDRANENG WONG NESU
Talingan sir sinebit
Idep mangada – ada
Angga mubal dahana
D. CANDRANENG WONG NESU
Eka padmi sari
Dwi amartani
Tri kawula busana
Catur wanara rukem
Nawa gra lupa
Panca sura panggah
Dasa yaksa wangke
E. CANDRANING MANGSA ( KAANANING ALAM )
Satya murca ing embanan = candrane mangsa kasa. Tegese :
Wiwit wit – witan padha brindhil
Bantala rengka = candrane mangsa karo. Tegese : lemah –
lemah padha nela ( mlethek )
Suta manut bapa = crandrane mangsa ketelu. Tegese : wit
gembili ( gadhung ) padha mrambat.
4. Waspa kumembenng jroning kalbu = candrane mangsa kapat.
Tegese : tuk – tuk padha pipet ( bumpet )
5. Pancuran mas semawur ing jagat = candrane mangsa kalima.
Tegese : wiwit akeh udan
6. Rasa mulya kasucen = candrane mangsa kanem. Tegese :
ungsum who – wohan mirasa
7. Wisa kentar ing maruta = candrane mangsa kapitu. Tegese :
akeh lelara
8. Ajrah jroning kayun = candrane mangsa kawolu. Tegese :
mangsane kucing gandhik
9. Wedharing wacana mulya = candrane mangsa kasongo. Tegese
: mangsane gareng muni, gangsir ngenthir
10. Gedhong minep jroning kalbu = candrane mangsa sepuluh.
Tegese : akeh kewan meteng, manuk ngendhok
11. Sotya sinara wedi = candrane mangsa sada. Tegese :
mangsane manuk gloloh
12. Tirta sah saking sasana = candrane mangsa desta. Tegese
: mangsa pedhidhing utawa adhem
Kalau netrane... itu blalak blalak bisa tidak? soalnya di papan tidak kelihatan, terima kasih.
BalasHapusKalau netrane... itu blalak blalak bisa tidak? soalnya di papan tidak kelihatan, terima kasih.
BalasHapusYg pasti dong...
BalasHapusokok.....thank you
BalasHapusKalau yang jaja mengkap bang mawinga winga itu artinya apa ya
BalasHapusotong
BalasHapusAyoo tulis lagi Kak, mana blognya yang baru....semangat nggih..
BalasHapussalam
Bagus
BalasHapusKak kok nga' ada "kulite" ?
BalasHapusKok ndak ada jogede
BalasHapusA
BalasHapusKentole mana kak .. besok b.jawa
BalasHapusastaghfirullah mantab
BalasHapusPanyandra ne janggut e ....nopo ya?
BalasHapuspanyandrane kuku iku opo? pete?
BalasHapusThank you
BalasHapusI love you to
I like to
Nooooo
Thank you,ini sangat membantu sekali🙏😊😀♥️
BalasHapusKalau,
BalasHapus"Panyandra klebu jinising basa?"
Itu jawabannya apa ya kak?
sapa kang asring migunkake teks kasebut?
BalasHapus