1 WAYANG
a. Wayang
Kulit
Wayang
kulit yaiku seni tradhisi kang ana ing Jawa Tengah, Jawa Timur lan Bali. Wayang
kulit awujud boneka kang digawe saka kulit kewan diwenehi warna cet lan rupane
kaya manungsa. Paraga kang awujud wayang iku dimainake dening sawijining
pawongan kang diarani dhalang.
Wayang
kulit mujudake hiburan utawa tontonan kang digelar ing wayang wengi (sewengi
muput).
Babagan
kang ana ing sajroning wayang kulit yaiu:
Kelir: layar amba warna putih kang mujudake background/latar belakang
kanggo mainake wayang.
Blencong: lampu minyak kanggo madhangi layar
supaya wayang iku menawa ditonton saka samburine layar bisa ngasilake
ayang-ayang.
Mahabharata lan Ramayana: cerita kang
dimainake ing pagelaran wayang kulit. Paraga-paraga ing cerita Mahabharata
kayata: Pandhawa Lima (Yudhistira, Bima, Arjuna, Nakula, lan Sadewa) lan Kurawa
(Duryudana, Dursasana, Bambang Swatama, Durmagati, Kartamarma, lsp.).
Sindhen/Waranggana: pawongan kang nembang ing
sajroning pagelaran.
Nayaga:
wong-wong kang nabuh gamelan (pelog lan slendro) ngiringi sindhen nembangake
tetembangan.
a.
Wayang
Golek
Wayang
golek yaiku seni tradhisi kang ana ing Jawa Tengah lan Jawa Barat, awujud
boneka kang digawe saka kayu. Wayang golek uga dimainake dening dhalang,
nanging ora nganggo kelir, dadi pamiarsa ora nontong ayang-ayang, nanging bisa
weruh langsung wujude wayang iku.
Babagan
kang ana ing sajroning wayang golek meh padha kabeh kaya ing wayang kulit.
Saliyane cerita Mahabharata lan Ramayana, ing pagelaran wayang golek uga
dimainake cerita Menak, yaiku cerita ngenani penyebaran agama Islam.
2.
Tari Barong
Tari
barong yaiku seni tradhisi kang asale saka Bali. Tari barong digelar ing wayah
esuk lan pagelaran iku mau dianakake ing ngarep lawang pura. Cerita kang
diangkat ing pagelaran tari barong yaiku Calon Arong, kang nyritakake dharma
(perkara kang apik) mungsuh adharma (perkara kang ala). Paragane awujud
menungsa kang didandani dadi barong (tokoh sing apik) lan leak (tokoh kang
jahat). Tari barong uga diiringi nganggo gamelan komplit karo nayagane.
3.
Sintren
Sintren
yaiku seni tradhisi kang nggunakake mladhang (dhukun) kanthi jampi-jampi lan
kebule kukus menyan sarta tetabuhan, pemain/penarine wong wadon kang durung
jejodhoan. Menawa prawane wis ora suci, pagelaran sintren ora bisa kaleksanan.
Sadurunge
njoged, penari dilebokake ing sanjerone kurungan pitik.
Sintren
biasane digelar ing wektu bengi ing wayah ketiga amarga kanggo nyepetake tibane
udan.
4.
Tayub
Tayub
utawa tayuban yaiku kesenian rakyat kang awujud joged, kang ana ing Jawa Barat,
Jawa Timur, lan Jawa Tengah. Tayub nduweni sebutan warna-warna, yaiku
- ing Blora diarani Sindhir (Sindhiran),
- ing Pacitan diarani Janggrung,
- ing Banyumas diarani Lengger,
- ing Jawa Barat diarani Ronggeng,
- lan ing Banyuwangi diarani Gandrung.
- ing Bali uga ana joged meh padha karo tayub,
kang diarani Joged Bumbung.
Ing
sawijining pagelaran tayub, ana 5 perangkat (unsur) kang ora kena dipisahake,
yaiku:
a. Seniman
Joged (Pengibing, Penandhak) yaiku pambeksa priya sing ketiban sampur,
b. Seniman Pengarih yaiku sawijining petugas sing
diwenehi tugas ngawasi yen ana pangibing sing tumindak kliwat wates, upamane
nglanggar aturan main utawa nerak kausilan,
c. Seniman
Pengrawit yaiku pengrawit tembang nganggo seperangkat gamelan.
Juru Beksa Putri, yaiku
penembang/vokalis kairingi seperangkat gamelan.
Pangguyub yaiku wong kang nduwe
tanggung jawab sakabehe pagelaran.
5. Reog
Ponorogo
Reog
Ponorogo mujudake kesenian kanga asale asli saka Ponorogo, Jawa Timur. Paragane
awujud wong kang nganggo topeng macan, lan wong-wong kang numpak jaran kepang.
Cerita
kang diangkat ing sajroning pagelaran Reog Ponorogo dijupuk saka sejarah
Kerajaan Bantarangin (Ponorogo), kang diprentah dening Prabu Kelono Sewandono
kang jaman semana arep nglamar Dewi Sangga Langit saka Kediri. Ing tengah
dalan, rombongan Prabu Kelono Sewandono dicegat dening Singo Barong. Wusanane
perang adu kasekten ora bias dialang-alangi, nanging Singo Barong kalah, banjur
gelem dadi abdine Prabu Kelono Sewandono.
Piranti
musik kanggo ngiringi pagelaran Reog Ponorogo yaiku: kendhang, kenong, kempul,
trompet, gong, lan angklung.
6. Jolenan
Jolenan
yaiku tradhisi merti/ngresiki desa kang ana ing Desa Somangari, Kecamatan
Kaligesing, Kabupaten Purworejo, Jawa Tengah. Jolenan dianakake saben wulan
Sapar rong tahun pisan.
Tradhisi
jolenan diwiwiti esuk, sarampunge jolen ditata lan didandani bareng ing
lingkungan RT utawa dhukuh dhewe-dhewe, banjur digawa menyang Balai Desa arep
dikirab. Sadurunge diarak mubeng desa, kabeh kelompok kesenian tradisional sing
ana ing Desa Somangari dipentasake dhisik ing ngarep kuburane Mbah
Kedhono-Kedhini kang mujudake leluhur warga desa.
Jolen
isine tumpeng, ingkung pitik, gemblong, lelawuhan, lan maneka warna jajanan
liyane. Ing njaba jolen isih ana woh-wohan sing ditata kaya gunungan.
7. Sekaten
Sekaten
yaiku tradhisi kang ana ing Ngayogyakarta lan Surakarta kang dianakake saben
tanggal 12 Rabi’ul Awal, yaiku kanggo mengeti wiyose Nabi Muhammad SAW. Sekaten
biasane digelar ing alun-alun kraton.
Ing
tradhisi sekaten ana tontonan:
- Tetabuhan gamelan (Kyai Sekati, Kyai Guntur
Madu, lan Kyai Naga Wilaga),
- Wong dodolan endhog abang,
- Wong dodolan suruh kinang,
- Wong dodolan pecut,
- Wong dodolan sega gurih, lan
- Metune gunungan grebeg saka kraton kang
mujudake sedekah Sri Sultan kanggo kawulane.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar