Nyemak tegese sawijining proses
kegiyatan ngrukokake lambang-lambang lesan kanthi wigati, nduweni pemahaman, apresiasi,
sarta interpretasi kanggo entuk informasi, pesen, sarta paham tegese komunikasi
sing diwedharake dening wong sing ngomong kanthi piranti basa lisan.
Nyemak wacan nonsastra ing piwulang basa jawa bias
arupa nyemak wara-wara, nyemak pawarta, lan nyemak crita. Nyemak wara-wara,
nyemak pawarta, lan nyemak crita kalebu nyemak intensif. Tegese nyemak kang
dilakoni kanthi tumemen lan konsentrasi sing mirunggan kanggo mangerteni teges
sing ana. Dene menawa dijlentrehake maneh kalebu nyemak intensif-konsentratif.
Awit, ana ing nyemak wara-wara, wong kang nyemak ngupadi bab-bab informasi sing
penting. Supaya anggone nyemak mikolehi asil kang dikarepake ana babagan
penting kang kudu ditindakake wong kang nyemak.
- nyiapake fisik lan mental, tegese kahanane sehat,
ora kesel, mental stabil lan pikirane padhang
- konsentrasi, tegese musatake perhatian lan
pikiran tumuju marang apa kang disimak
- motivasi, tegese nduweni tujuwan tertemtu kang
pingin digayuh
- objektif, tegese mangerteni saben thek-kliwere
apa kang disemak
- nyemak kanthi wutuh, tegese nyemak sakabehe, ora
perangane wae
- selektif, tegese tansah milih perangan penting
bab bahan semakan
- ora gampang keganggu swara-swara saka njaba
- ngregani pawongan sing ngendikan, ora ngremehake
- rikat anggone mangerteni kahanan (menyesuaikan
dhiri)
- ora emosional, ora ngenyek pawogan sing
ngendikan,
- kontak kalawan pawongan sing ngendikan
- ndamel rangkuman
- mbiji materi ingkang ingendikakake
- maringi tanggapan/reaksi/komentar
Ing ngisor iki tuladha wara-wara
Wara-wara 1
WIS KABABAR KALENDER ANYAR
Pengalamanwisbola-bali mbuktekake: Kalender Jaya Baya “laris” akeh wong sing
nyenengi, akeh wong sing mbutuhake. Kanggo dipajang dhewe, utawa kanggo
kenang-kenangan r
iyaya, tahun baru utawa kanggo tandha tali asih karo
keluarga, sanak rowang.
Kangwiskelakon, saben kalender Jaya Baya anyar
terbit,wisantri wong rebutan tuku! Yen ora langsung rawuh dhewe mundhut menyang
kantor JB, bias “pesen” kanthi kirim dhuwit liwatweselutawa transfer bank. Yen
ora cepet, mesthi bbakal “kehabisan”!
Saiki kalender JAYA BAYA 2011 (sing isih gres, anyar
kinyis-kinyis)wissiap terbit. Sing ngresakake pesen/mundhut bias cepet-cepet
sesambungan karo kantor Tata Usaha Jaya Baya Jalan Sumatra 31-G (Lantai
4)Surabaya. Telp. 031-5055062, Fax. 031-5055063. Bisa uga kanthi ngirimake
bukti transfer rekening BCA No Rek. 519.005855.9 aa/n Minggon Jaya Baya.
Rega Eceran: Rp20.000,00
Ongkos kirim: Sajroning Pulo Jawa Rp5.000,00/eks.
Sanjabane Pulo Jawa Rp6.000,00/eks.
Mundhut akeh/kolektif bakal oleh diskon: *)
20 eks.-100 eks. Diskon 10%
101 eks.-250 eks. Diskon 20%
251 eks. Luwih … diskon 30%
Tidak ada komentar:
Posting Komentar