Geguritan merupakan sastra kuno yang memiliki
ciri sastra lama atau klasik yang berifat anonim yaitu tanpa nama pengarang dan
penulis. Ini disebabkan karena pada zamanya dibuat seorang penulis tidak mau
menonjolkan diri dan karyanya dianggap milik bersama.
Kata geguritan
dalam kamus Bali – Indonesia berasal dari kata “gurit artinya gubah, karang,
sadur “(Depdikdas Prop. Bali, 1991 :254), dan dalam Kamus Umum Indonesia
dijelaskan “geguritan itu berasal dari kata gurit artinya sajak atau
syair” (Poerwadarminta, 1986 :161). sedangkan dalam Kamus Kawi Indonesia
diungkapkan “gurit artinya goresan, dituliskan” (Tim Penyusun, 1996:118).
Ciri yang kental
di dalam sebuah geguritan adalah adanya pupuh-pupuh yang
membentuk geguritan tersebut seperti : pupuh pucung, durma, sinom,
pangkur, smarandhana, dandang, ginada, dan demung. Oleh karenanya
di dalam menikmati geguritan dengan membacanya tidak bisa disamakan
dengan membaca karya sastra yang tergolong prosa.
Geguritan hendaknya dinikmati dengan membaca sambil melagukan sehingga nikmat
yang didapatkan semakin merasuk kalbu. Karya sastra yang berwujud pupuh diikat
oleh aturan yang disebut : pada lingsa, pada dan carik. “syarat-syarat
yang biasa disebut (pada lingsa) yaitu banyaknya baris dalam tiap bait
(pada) banyaknya suku kata dalam tiap-tiap baris (carik) dan
bunyi akhir tiap-tiap baris” (Agastia, 1980 :17).
Berdasarkan
pandangan di atas maka pengertian geguritan adalah ciptaan sastra
berbentuk syair yang biasanya dilagukan dengan tembang (pupuh) yang
sangat merdu.
Karya sastra jinise ana 3, yaiku:
1. Geguritan (puisi)
Tuladha: puisi, puisi jawa, syair lagu, tembang, lsp.
2. Gancaran (prosa)
Tuladha: cerkak, cerbung, cerdhung, nivel, lsp.
3. Sandhiwara (drama)
Tuladha: drama, kethoprak, wayang, opera, sinetron, lsp.
Tembung geguritan asale saka tembung lingga gurit sing tegese tulis, gambar, nyanyian (geguritan kuna).
Titikane geguritan kuna yaiku:
1. Diwiwiti tembung sun nggegurit
2. Cacahe gatra papat utawa luwih
3. Cacahing wanda saben gatrane padha
4. Tibane swara ing pungkasane gatra runtut
Tuladha geguritan kuna:
Sun nggegurit
- Tur kabeh padha ngemuti
Wong kang miskine kepati
Supaya padha mangerti
Bungah susah amratani
Titikane geguritan anyar yaiku:
1. Ora nggunakake tembung sun nggegurit
2. Cacahe gatra bebas
3. Cacahe wanda saben gatra ora ditemtokake
4. Tibane swara ing pungkasane gatra bebas
Geguritan yaiku iketaning basa kang
memper syair. Mula, ana kang ngarani syair Jawa gagrag anyar. Tembung
‘geguritan’ saka tembung ‘gurita’. Tembung ‘gurita’ owah-owahan saka tembung
‘gerita’. Tembung ‘gerita’ linggané ‘gita’, tegesé ‘tembang utawa syair’.
Geguritan Jawa sakawit tinemu ing lagu-lagu dolanan, saiki mujudaké wohing
kasusastran puisi kang warna-warna wujud dhapukané. Adhedhasar dhapukaning
ukara lan pangiketing tembung, warna-warna araning geguritan bisa kapèrang kaya
ing ngisor iki:
1. Syair rong
gatra sapada (gita dwigatra)
Pangajab
Atimu kang wingit mara sèlèhna ing
dhadhaku,
atimu kang wengis mara tumpangna ing tanganku.
atimu kang wengis mara tumpangna ing tanganku.
Priya kang tansah ngulandara mara
nyedhaka,
ing tanganku tumètès anyesing banyu sih sutresna.
ing tanganku tumètès anyesing banyu sih sutresna.
Angin bengi angining pangayoman,
mara nyedhaka ing samubarang tumandukmu.
mara nyedhaka ing samubarang tumandukmu.
Priya kang tansah ngulandara,
ing kéné ana halte pungkasan.
ing kéné ana halte pungkasan.
(Napsiah Sastrasiswaja, Djaja Baja:
XVIII No. 28, 16)
2. Syair telung
gatra sapada (gita trigatra)
Anak
Kemandhangé kaluwarga
kang ngasri bawana
klawan warna rupa bedhekan.
kang ngasri bawana
klawan warna rupa bedhekan.
Iya berkah paringé pangeran
tali-talining karep lan katresnan
kang nyancang marang alam kasunyatan.
tali-talining karep lan katresnan
kang nyancang marang alam kasunyatan.
(St. Iesmaniasita, Mekarsari: XI
No. 16, 1967)
3. Syair patang
gatra sapada (gita catur gatra)
Wengi
nganti adoh parané kasepen nggilet
donya,
dikembangi sunaré rembulan tanggal tuwa,
dumelung nglangut asu mbaung,
wenginé sangsaya liwung.
(Eddy D.D., Djaja Baja XVIII, 1964:16)
dikembangi sunaré rembulan tanggal tuwa,
dumelung nglangut asu mbaung,
wenginé sangsaya liwung.
(Eddy D.D., Djaja Baja XVIII, 1964:16)
4. Syair limang
gatra sapada (gita panca gatra)
Lintang-lintang
lintang-lintang abyor ing tawang
cumlorot sliweran nalika alihan
kumléyang méncok ing socamu asihku
cahyané gumebyar sunaré gilar-gilar
ing telengé atimu sliramu tansah dakantu
cumlorot sliweran nalika alihan
kumléyang méncok ing socamu asihku
cahyané gumebyar sunaré gilar-gilar
ing telengé atimu sliramu tansah dakantu
lintang-lintang alihan
cumlorot telu ana pundhakku
kawitan lintang abang lintang perang
kapindho lintang mirunggan lintang kamanungsan
pungkasan lintang kumukus lintang kadurakan
(Suharmono, Jaya Baya. XXXI, 1977:26)
cumlorot telu ana pundhakku
kawitan lintang abang lintang perang
kapindho lintang mirunggan lintang kamanungsan
pungkasan lintang kumukus lintang kadurakan
(Suharmono, Jaya Baya. XXXI, 1977:26)
5. Syair nem
gatra sapada (gita sadgatra)
Tresnaku marang Dasih
Sanadyan kaya ngapa kerut samirana
kabuncang ing pangumbara
seminé pucuk-pucuk mlathi
tansah dakanti awan bengi
kanthi donga panyuwun
marang rama ibu lan Gusti
(Trilaksita, Djaja Baja. XIX No. 42:24)
kabuncang ing pangumbara
seminé pucuk-pucuk mlathi
tansah dakanti awan bengi
kanthi donga panyuwun
marang rama ibu lan Gusti
(Trilaksita, Djaja Baja. XIX No. 42:24)
6. Syair pitung
gatra sapada (gita sapta gatra)
Tapel Wates
Apa bakal kokpasrahaké jembaring
dhadhamu,
pinangka wedaling tresna,
urip rak mung sak mampir ngombé,
ana janji-janji sing durung tinebus bali,
putihing mlathi lan wengi
biruning tresna lan ati,
sarta kijinging nini-nini
(Trim Sutidjo, Djaja Baja. XIX No 4:24)
pinangka wedaling tresna,
urip rak mung sak mampir ngombé,
ana janji-janji sing durung tinebus bali,
putihing mlathi lan wengi
biruning tresna lan ati,
sarta kijinging nini-nini
(Trim Sutidjo, Djaja Baja. XIX No 4:24)
7. Syair wolung
gatra sapada (gita hastha gatra)
Ing Sihing Gusti
Mitra aja uwas atimu,
nadyan nèng tepining jurang,
weteng-weteng sing muntir ora dipikir,
ati ngedhap ngèlingi urip sesuk,
lan saya badhegé jaman édan,
sokna atimu mitra!
ing sihing Gusti
ing sihing Gusti
(Soejono, Djaja Baja. XIX No. 27, 1965:24)
nadyan nèng tepining jurang,
weteng-weteng sing muntir ora dipikir,
ati ngedhap ngèlingi urip sesuk,
lan saya badhegé jaman édan,
sokna atimu mitra!
ing sihing Gusti
ing sihing Gusti
(Soejono, Djaja Baja. XIX No. 27, 1965:24)
8. Syair sangang
gatra sapada (gita nawa gatra)
Jakatholé
Aku iki pangumbara saka sabrang
kidul,
ing Madura ngupaya lurung agung,
tumuju marang jangka sejarah,
klawan jangkah angarah candhi madu revolusi,
aku iki turunmu tunggal bumi
o, Jakatholé pecutmu nggugah semangat,
siniram amis getih papa anjerit kataman duhkita,
Jakatholé, aku antuk waris teguhing jiwamu,
arep dakbektèkaké marang nusa bangsa.
(Anie Soemarno, Djaja Baja. XIX No. 4:24)
ing Madura ngupaya lurung agung,
tumuju marang jangka sejarah,
klawan jangkah angarah candhi madu revolusi,
aku iki turunmu tunggal bumi
o, Jakatholé pecutmu nggugah semangat,
siniram amis getih papa anjerit kataman duhkita,
Jakatholé, aku antuk waris teguhing jiwamu,
arep dakbektèkaké marang nusa bangsa.
(Anie Soemarno, Djaja Baja. XIX No. 4:24)
9. Syair dhapur
soneta
Kawruh
Saliring kodrat kang tinon mripat,
apa dene kang tan kasat mata,
kabèh tumindak miturut sipat,
garis angger-anggering jagad raya.
apa dene kang tan kasat mata,
kabèh tumindak miturut sipat,
garis angger-anggering jagad raya.
Wit lumrahing janma nèng jagad,
tan sepi anané para sarjana,
rina lan wengi tan kendhat-kendhat,
marsudi angering tribawana.
tan sepi anané para sarjana,
rina lan wengi tan kendhat-kendhat,
marsudi angering tribawana.
Sarana pakarti lawan samadi,
sanityasa ngetog mangulir budi,
wohing pamardi tinatata titi.
sanityasa ngetog mangulir budi,
wohing pamardi tinatata titi.
Ginelar ing kandha sarwa tètèh,
murih gampang katampa akèh,
murakabi uripé janma kabèh.
murih gampang katampa akèh,
murakabi uripé janma kabèh.
(Intojo, Kejawen. XVI, 1941)
Supitan Bali
Ombak kocak kimplak-kimplak
prau layar milir alon alesu
nangkodha gita agiyak-giyak
lelagon lagu seru keprungu
prau layar milir alon alesu
nangkodha gita agiyak-giyak
lelagon lagu seru keprungu
plampung kampul kompal-kampul
pindha anak lunjak-lunjak
suka surak girang gumuyu
weruh bapak mbopong iwak
pindha anak lunjak-lunjak
suka surak girang gumuyu
weruh bapak mbopong iwak
lampu-lampu menara kelap-kelip
nétrané Raden Bantrang Dewi Surati
nétrané Raden Bantrang Dewi Surati
laut iki supitan Bali
watesé tanah Jawa Bali
watesé tanah Jawa Bali
laut iki supitan Bali
patemoné kabudayan Jawa Bali
(Prijanggana, Djaja Baja. XVIII No. 18: 15)
patemoné kabudayan Jawa Bali
(Prijanggana, Djaja Baja. XVIII No. 18: 15)
10.
Syair/Geguritan bebas
Cobaning Urip
Jroning urip aku naté ngalami
lelakon kang gawé ngunguning ati
ana sawijining paraga
temené aku ora naté kandha
uga ora nulak sihing sapadha-padha
nanging ya géné ora kuwawa nampa
isining ati kawedharaké marang aku sawiji
apa aku ora andarbeni
rasa nyawiji
aku ora ngerti . . . .
Apa dadiné
kanyatan ora marengaké
lan aku tansah percaya
yen kuwi mung sawenèhing coba
urip kuwi mung saderma
dadi pelaku ing madyapada.
lelakon kang gawé ngunguning ati
ana sawijining paraga
temené aku ora naté kandha
uga ora nulak sihing sapadha-padha
nanging ya géné ora kuwawa nampa
isining ati kawedharaké marang aku sawiji
apa aku ora andarbeni
rasa nyawiji
aku ora ngerti . . . .
Apa dadiné
kanyatan ora marengaké
lan aku tansah percaya
yen kuwi mung sawenèhing coba
urip kuwi mung saderma
dadi pelaku ing madyapada.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar