Kamis, 12 Desember 2013

Macapat


Tembang macapat cacahe ana sewelas. Urut-urutan tembang macapat padha karo lelakoning manungsa mulai saka bayi nganti tumekaning pati. Urut-urutan tembang macapat yaiku kaya ing ngisor iki:
1.  Maskumambang nggambaraké jabang bayi sing isih ana ing njero kandhutan ibuné, sing durung kawruhan lanang utawa wadon, Tembung mas tegese durung weruh lanang utawa wadon, lan tembung kumambang tegese uripé ngambang ing sajroning kandhutan ibuné.
2.   Mijil tegese wis lair lan wis cetha priya utawa wanita.
3.   Sinom tegese kanoman, minangka kalodhangan sing paling wigati kanggoné wong anom supaya bisa ngangsu kawruh sak akèh-akèhé.
4.   Kinanti asale saka tembung kanthi utawa nuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam ndonya.
5.   Asmarandana tegese rasa tresna, tresna marang liyan (priya lan wanita utawa kosok baliné) kang kabèh mau wis dadi kodrat Ilahi.
6.   Gambuh saka tembung jumbuh/sarujuk kang tegese yèn wis jumbuh/sarujuk banjur digathukaké antarane priya lan wanita sing padha nduwèni rasa tresna mau, ing pangangkah supaya bisaa urip bebrayan.
7.   Dhandhanggula nggambaraké uripé wong kang lagi seneng-senengé, apa kang digayuh wis bisa kasembadan. Kelakon duwé sisihan/bojo, duwé anak, urip cukup kanggo sak kulawarga. Mula kuwi wong kang lagi bungah/bombong atine, bisa diarani lagu ndhandhanggula.
8.  Durma asale saka tembung darma/wèwèh. Wong yen wis rumangsa kacukupan uripé, banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyané kang lagi nandang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepéngin darma/wèwèh marang sapadha-padha. Kabèh mau disengkuyung uga saka piwulangé agama lan watak sosial manungsa.
9.   Pangkur asale saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin wèwèh marang sapadha-padha.
10.  Megatruh asale saka tembung megat roh utawa pegat rohe/nyawane, awit wis titi wanciné katimbalan marak sowan mring Sing Maha Kuwasa.
11.  Pocung Yen wis dadi layon/mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durungé dikubur.
            Kanggo mbédakaké siji lan sijiné guru gatra (baris), guru wilangan (suku kata) lan guru lagu (bunyi suku kata terakhir setiap baris) saka tembang-tembang mau, bisa ditata jroning tabel kaya ing ngisor iki:
Sekar Macapat
Guru Gatra
Guru Wilangan
Guru Lagu
1. Maskumambang
4
12, 6, 8, 8
i, a, i, a,
2. Mijil
6
10, 6, 10, 10, 6, 6
i, o, e, i, i ,u
3. Sinom
9
8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12
a, i, a, i, i, u ,a ,i, a
4. Kinanthi
6
8, 8, 8, 8, 8, 8, 8
u, i, a, i, a, i
5. Asmarandana
7
8, 8, 8, 8, 7, 8, 8
a, i, e, a, a, u, a
6. Gambuh
5
7, 10, 12, 8, 8
u, u, i, u, o
7. Dhandhanggula
10
10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7
i, a, e, u, i, a, u ,a ,i, a
8. Durma
7
12, 7, 6, 7, 8, 5, 7,
a, i, a, a, i, a, i
9. Pangkur
7
8, 11, 8, 7, 12, 8, 8
a, i, u, a, u, a, i
10. Megatruh
5
12, 8, 8, 8, 8
u, i, u, i, a
11. Pucung
4
12, 6, 8, 12
u, a, i, a
1. Maskumambang
Nadyan silih bapa biyung kaki nini                 12-i
Sadulur nyang sanak                                       6-a
Kalamun muruk tan becik                               8-i
Nora pantes yen den nuta                               8-a
2. Mijil
Dipun nedya prawira ing batin                       10-i
Nanging aja katon                                           6-o
Asesana yen durung mangsane                       10-e
Kekendelan ja wani manikis                           10-i
Maweka ing batin                                           6-i
Den samar ing semu                                        6-u
3. Sinom
Nulada laku utama                                          8-a
Tumrape wong tanah Jawi                              8-i
Wong agung ing eksi ganda                            8-a
Panembahan Senapati                                     8-i
Kepati amarsudi                                              7-i
Sudane hawa lan nepsu                                   8-u
Pinepsu tapa brata                                           7-a
Tanapi ing siyang ratri                         8-i
Amemangun karyen nak tyas ing sasama       12-a
4. Kinanthi
Padha gulang ning kalbu                                 7-u
Ing sasmita amrih lantip                                  8-i
Aja pijer mangan nendra                                 8-a
Kaprawiran den kaesti                                                8-i
Nesunen sarira nira                                          8-a
Sudanen dhahar lan guling                             8-i
5. Asmaradana
Padha netepana ugi                                         8-i       
Kabeh paring taesara                                       8-a
Terusna lair batine                                           8-e
Shalat limang wektu uga                                 8-a
Tan kena ditinggala                                         7-a
Sapa tinggal dadi gapuk                                 8-u
Yen maksigremen neng braja                          8-a
6. Gambuh
Sekar gambuh ping cat


A

Tidak ada komentar:

Posting Komentar