Pawarta utawa ing Basa Indonesia diarani Berita,
tegese yaiku menehi kabar utawa informasi marang wong liya ngenani kadadean
utawa prastawa.
Pawarta iku bisa awujud:
1. Lisan, kang biasane kababar lumantar media elektronik.
Tuladha: Tv, Radio, lsp.
2. Tulisan, kang biasane kababar lumantar media cetak.
Tuladha: ariwarti (koran), kalawarti (majalah), lsp.
Titikane pawarta kang apik, yaiku:
1. migunakake basa kang gampang dimangeteni
2. kudu ngemot 6 perangan, yaiku what, who, why, when, where, lan how.
3. ora mojokake utawa mihak salah sijine golongan utawa pawongan.
4. katulis kanthi bener lan apa anane.
5. anyar
Pawarta iku bisa awujud:
1. Lisan, kang biasane kababar lumantar media elektronik.
Tuladha: Tv, Radio, lsp.
2. Tulisan, kang biasane kababar lumantar media cetak.
Tuladha: ariwarti (koran), kalawarti (majalah), lsp.
Titikane pawarta kang apik, yaiku:
1. migunakake basa kang gampang dimangeteni
2. kudu ngemot 6 perangan, yaiku what, who, why, when, where, lan how.
3. ora mojokake utawa mihak salah sijine golongan utawa pawongan.
4. katulis kanthi bener lan apa anane.
5. anyar
Pawarta kang
kagiyarake maneka warna, mula saka iku pamigati pawarta becike nlesih kanthi patitis marang pawarta iku mau. Ora sethithik kabar kang
luwih nengenake rumor utawa kabar kang durung karuwan benere. Uga akeh kabar
kang isine milut kawigaten (promosi). Kosok baline ora sethithik uga pawarta
wigati kang bias katemokake ing medhia massa. Dadi, pamigati kudu prigel milih
lan milah pawarta kang diperlokake.
Tuladha pawarta:
Sugeng
siyang pamirsa
Kula
Indra Birawa badhe maosaken pawarta dinten menika wonten ing Warta Kilat.
Embung Unnes
sakmenika sampun dados panggenan ingkang dipunengsemi tukang mancing saha
mahasiswa Unnes. Embung ingkang wiyaripun setunggal lapangan bal-balan menika,
menawi sonten kebak dening tiyang ingkang badhe mincing amargi sampun
dipunuculaken kalih dasa ewu winih iwak mujaer dening pihak Unnes. Sahengga
embung kathah dening iwak sakaliyan tiyang ingkang badhe mancing wonten mrika.
Humas
Unnes, Sucipto Hadi Purnomo ngendikan, babagan embung sakmenika pancen leres
sampun dipundamel kagem panggenan rekreasi. Pandamelan embung sakmenika inggih
salah setunggaling program Unnes konservasi ingkang sampun nelasaken ragat
nematus wolung dasa pitu juta sewidak ewu rupiah.
Miturut
pembantu pelaksana proyek saking CV Duta Muda indah, Slamet Widodo, embung
dipundhamel kangge madahi toya wonten unnes saenggo boten banjir rikala mangsa
udan. Proyekipun wonten seket dinten ingkang sakmenika dipungarap gangsal welas
tiyang dipunbiyantu eksavator, buldoser kaliyan vibro.
Pawarta
minangka prastawa kang diwartakake. Pawarta iku bisa arupa lesan apadene
tulisan. Lesan ateges pawarta iku bisa diwartakake dening wong liya kanggo pamiyarsa
lumantar swara. Tulisan pawarta iku lumrahe kapacak ana ariwarti, kalawarti.
Perangan kang nemtokake bobot biji pawarta yaiku
1. Aktualitas
2. Sesambungan karo papan
kedadean
3. Sesambungan karo unsur-unsur
kang ketut ing sakjrone kedadean
4. Sesambungan karo pagaweyan
pamaca/ pamiyarsa
5. Ganepe Pawarta.
Saya akeh gunane pawarta kuwi
tumrap pawongan, saya mundhak dhuwur biji pawarta kuwi tumrap dheweke.
Para siswa
kang kulina ngrungokake pawarta basa jawa mesthine bisa tambah wawasan lan
pangertene marang ukara basa jawa. Kang perlu digatekake nalika ngrungokake
pawarta utawa informasi yaiku:
a. mangerteni kanthi cetha
masalah kang disampekake
b. mbedakake informasi kang
penting lan ora penting
c. nyathet informasi sing bener
lan premathi
Sak bubare
para siswa ngrungokake pawarta diajab para siswa bisa gawe simpulan saka
pawarta kang disemak. kesimpulan yaiku rumusan cerkak saka loro utawa luwih
pernyataan kang handuweni hubungan. Nyimpulake pawarta berarti nanggepi
pernyataan-pernyataan ana ing pawarta. Nalika menehi tanggepan sampeyan bisa
ngutarake setuju utawa ora setuju marang pawarta kang nembe dirungokake.
Bab-Bab kang kudu digatekake
nalika menehi tanggapan yaiku:
1. Tanggapan iku sak mestine
disampekake mawa uraian kang cekak, padhat lan disusun kanthi apik.
2. Permasalaham utawa bab kang
ditanggapi kudu cetha
3. Tembung-tembung lan ukara
sing digunakake kudu gampang dingerteni utawa dipahami
4. Tanggapan iku kudu diwenehi
alesan kang logis, bisa uga ditambahi fakta lan bukti-bukti kang
relevan(nduweni Hubungan)
Nanggepi pawarta iku kudu
evaluatif lan objektif. Evaluatif tegese menehi penilaian, objektif tegese
pawarta kang ditampa kanthi apa anane.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar