Paribasan
yaiku unen-unen kang ajeg mawa teges wantah.
Artine
(Javanese)
|
Artinya
(Indonesian)
|
Meaning
| |
A
| |||
Adigang, adigung, adiguno
|
Ngendelake kakuwatane, kaluhurane, lan kapinterane
|
Memberanikan kekuatan, keturunan, dan kepandaian
|
Brave power, decline, and clever
|
Adhang-adhang tetesing embun
|
Njagakake samubarang mung saolehe bae
|
Menjagakan semuanya hanya untuk kelakuannya saja
|
Keep all only for behavior
|
Ana catur mungkur
|
Ora gelem ngrungokake rerasan sing ora becik.
|
Tidak mau mendengarkannya guncingan yang tidak baik
|
Want not listen gossip
|
Ana adulate ora ana begjane
|
Ngrasa arep nemu kabegjan, nanging ora sida
|
Merasa mau menemukan keberuntungan, tetapi tidak jadi
|
Feeling found lucky, but not there are
|
Anak molah bapak kepradhah
|
Wong tuwa nemu alangan amarga saka polahe anak
|
Orang tua menemukan halangan dari kelakuan anak
|
Parent found hindrance from behavior of child
|
Ancik-ancik pucuking ari
|
Tansah duwe rasa kuwatir
|
Tidak punya rasa kuatir
|
Not there are feel afraid
|
Anggenthong umos
|
Ora bisa nyimpen wewadi
|
Tidak bisa menyimpan kejelekan
|
Not can save ugly
|
Anggutuk lor kena kidul
|
Nyemoni, nanging ditibakake wong liya.
|
Menjelekan dengan peribahasa, tetapi menjelekan orang lain
|
Ugly with proverb, but disfigure other people
|
Angon ulat ngumbar tangan
|
Ngawasake polahe wong, jalaran arep nyolong.
|
Mengawasi kelakuan orang, tetapi tidak mau mencuri
|
Cared for behavior people, but not thief
|
Arep jamure, emoh watange
|
Gelem kepenak, ora gelem rekoso.
|
Mau enak, tetapi mau kerja keras
|
Not enjoy, but want hard work
|
Asu arebut balung
|
Rebutan barang sepele
|
Rebutan barang sepele
|
Struggle about unimportant kind
|
B
| |||
Bathang lelaku
|
Wong lelungan ijen liwat panggonan sing mbebayani
|
Orang pergi sendirian lewat tempat yang perbahaya
|
People go alone through danger of place
|
Bathok bolu isi madu
|
Wong asor nanging sugih kapinteran
|
Orang yang rendah diri tetapi kaya kepintaran
|
People low self but clever of expensive
|
Becik ketitik ala ketoro
|
Wong becik karo wong ala bakal ketoro dhewe.
|
Orang yang baik dan orang yang jelek bakal kelihatan sendiri
|
Good people and ugly people future look alone
|
Belo melu seton
|
Melu anuting grubyuk, nanging ora ngerti karepe
|
Ikut menurut rombongan, tetapi tidak tahu tujuannya
|
Join in group, but donβt know about mission
|
Beras wutuh arang mulih marang takere
|
Samubarang kang wis omah, arang bisa pulih kaya maune.
|
Semua yang sudah berumah. Jarang bisa kembali seperti sebelumnya
|
All have home. Rare can back same before
|
Blaba wuda
|
Amarga loma banget, nganti awake dhewe kekurangan
|
Karena suka sekali memberi, nganti diri sendiri kekurangan
|
Cause lovely give something, till self very shortage
|
Blilu tau, pinter durung nglakoni
|
Senajan durung ngerti, nanging wis biso nindakake.
|
Meskipun belum tahu, tetapi bisa melakukan
|
Notiwithstanding donβt know, but can do it
|
Bung pring petung
|
Bocah kang gelis gedhe
|
Bocah yang sudah besar
|
Child have big
|
Buntel kadut, ora kinang ora udud
|
Nyambut gawe opah borongan, ora nganggo ingon
|
Bekerja untuk upah borongan, tidak untuk memelihara
|
Work for pay group, not for keep
|
Busuk ketekuk, pinter keblinger
|
Sing bodho lan sing pinter padha-padha nemu ciloko
|
Yang bodoh dan yang pandai sama-sama menemukan bahaya
|
Stupid and clever together meet danger
|
C
| |||
Cebol nggayuh lintang
|
Duwe kekarepan sing mokal bisa kelakon
|
Punya kemauan yang tidak bisa terjadi
|
Have want can not happen
|
Cecak nguntal empyak
|
Kekarepan sing ora timbang karo kakuatane
|
Kemauan yang tidak imbang dengan kekuatan
|
Have want not balance with power
|
Cedhak kebo gupak
|
Kumpul wong ala marakake katut ala
|
Kumpul dengan orang jelek ikut dengan yang jelek
|
Join with ugly people join with ugly
|
Cincing-cincing meksa kelebus
|
Sanajan wis ngati-ngati mekso kacilakaan
|
Meskipun sudah hati-hati sampai-sampai memaksakan bahaya
|
Notiwithstanding careful until impose dangerious
|
Ciri wanci, lelai ginawa mati
|
Pakulinan ala ora bisa ilang tumekane pati
|
Kebiasaan jelek tidak bisa hilang sampai mati
|
Bad habbit not lost until dead
|
Cocak nguntal lo
|
Kekarepan sing mokal bisa kelakon
|
Kemauan yang tidak bisa terjadi
|
Have want not happen
|
Criwis cawis
|
Akeh omong (sing sajak wegah), nanging gelem nindakake
|
Banyak omong (yang sebenarnya tidak mau), tetapi tidak mau melakukan
|
There are tolk (beneath it all want not), but want not do it
|
Cuplak andheng-andheng ora prenah panggonane
|
Samubarang kang ora mapan, becik disingkirake
|
Semua yang tidak bisa baik, jelek di buang
|
All can not, ugly while throw
|
D
| |||
Dahwen ati open
|
Nacad, marga arep dimelik dhewe
|
Iri, karena ingin dimiliki sendiri
|
Jealous, cause want have self
|
Dhandhang diunekake kuntul. Kuntuk diunekake dhandhang
|
Ala dikandhakake apik, apik dikandhakake ala.
|
Jelek tetapi baik, baik bicaranya jelek
|
Ugly but good, good talk ugly
|
Dhemit ora ndulit, setan ora doyan
|
Tansah slamet, ora ana sing ngribedi
|
Ora slamet, tidak ada yang halangan
|
Not good, there are not hindrance
|
Didhadhungana mendhot, dipalanga mlumpat
|
Wis ora bisa dipenggak kekarepane
|
Sudah Tidak bisa diganjal kemauannya
|
All can not wedge want
|
Dikena iwake, aja nganti buthek banyune
|
Bisa keno sing diarah, nanging aja ngati liyane katut rusak
|
Bisa kena diperintah, tetapi jangan sampai lainnya sampai rusak
|
Can touched adversely orde, but donβt until other until broken
|
Diwenehi ati ngrogoh tempela
|
Diwenehi sathithik ndadak njaluk sing akeh
|
Diberi sedikit mendadak minta banyak
|
Give little sudden give many
|
Dom sumurup ing bayu
|
Laku kang sarana sesudheman (meneng-menengan)
|
Jalan yang sarana diam-diam tanpa suara
|
Road medium silent without voice
|
Dudu berase ditempurake
|
Urun rembug nanging ora cocok karo prakarane
|
Selalu rapat tetapi tidak cocok dengan masalahnya
|
Always meet but not agree with problem
|
Dudu sanak dudu kadang, yen mati melu kelangan
|
Sanajan wong liya nanging melu dibelani
|
Meskipun orang lain tetapi ikut di bela
|
Notiwithstanding other people but join care
|
Durung ilang pupuk lempuyange
|
Dipadhakake bocah cilik sing durung diwasa
|
Disamakan bocah kecil tetapi belum dewasa
|
Same small children but not yet adult
|
Durung pecus keselak besus
|
Durung sembada wis kepenging sing ora-ora
|
Belum menghasilkan sendiri tetapi kemauan yang tidak-tidak
|
Not yet totally alone but want to not
|
E
| |||
Emban cindhe emban siladan
|
Siji lan sijine ora padha, ora adil (pilih kasih)
|
Satu dan satunya tidak sama, tidak adil (pilih kasih)
|
one and one not same, not fair
|
Emprit abuntut bedhug
|
Prakara sepele dadi gedhe ngambra-ambra
|
Masalah sepele jadi besar sekali
|
Problem simple so big
|
Endhas gundhul dikepeti
|
Wis kepenak dikapenakake maneh
|
Sudah enak mau dirubah lagi
|
Have nice want to change again
|
Entek golek kurang amek
|
Olehe ngunen-uneni sakatege
|
Hasil memarahi sekuatnya
|
Total angry
|
Enggon welud diedoli udhet
|
Wis pinter dipameri kapinteran
|
Sudah pandai di beri tahu kepandaian
|
Clever give clever
|
Esuk dhele, sore tempe
|
Ora teteg atine, molah-malih
|
Tidak teguh hatinya, ganti-ganti
|
Not firm heart
|
G
| |||
Gagak nganggo laring merak
|
Wong asor duwe tumindak kaya wong gedhe
|
Tidak sopan punya perilaku kaya seperti orang besar
|
Not polite have expensive same big people
|
Gajah ngidak rapah
|
Wong kang nglanggar wewalere (larangane) dhewe
|
Orang yang melanggar larangannya sendiri
|
People collide prohibition alone
|
Gawe luwangan, ngurugi luwangan
|
Golek utang perlu kanggo nyaor utang
|
Cari hutang butuh perlu untuk membayar hutang
|
Search debt need pay debt
|
Giri lusi janma tan keno ingina
|
Ora kena ngino wong, sanajan marang wong mlarat
|
Tidak kena hina orang, meskipun kepada orang miskin
|
Not touched contemptible people, notiwithstanding to poor people
|
Gliyak-gliyak tumindak, sareh pakoleh
|
Alon-alon anggone nindakake, wusanane kaleksanan maksude
|
Pelan-pelan untuk bekerja, suasana terlaksana artinya
|
Slow work, work meaning
|
Golek-golek ketanggor wong luru-luru
|
Golek utangan, nanging sing arep diutangi malah uga golek silihan
|
Cari utang, tetapi yang mau dihutangi tetapi tidak cari pinjaman
|
Search debt, but debitur not search debt
|
Golek uceng kelangan deleg
|
Ngarah barang sepele, kelangan barang gedhe
|
Milih barang sepele, kehilangan barang besar
|
Change simple kind, suffer from a loss big kind
|
Gong lumaku tinabuh
|
Wong sing njaluk ditakoni
|
Orang yang diminta ditanyai
|
People ask question
|
Gumembrang ora adang
|
Kakehan swara, nanging ora nyata
|
Kebanyakan suara, tetapi tidak nyata
|
Very voice, but not fact
|
Gupak pulut ora mangan nangkane
|
Melu rekasane, ora melu kapenake
|
Ikut merasakan, tetapi ikut enak
|
Not feel, but not enjoy
|
I
| |||
Iwak kelebu ing wuwu
|
Nemu bebaya sing wis ora bisa ngoncati
|
Menemukan berbahaya yang tidak bisa menghindari
|
Found danger not can clear the track
|
J
| |||
Jalukan ora wewehan
|
Seneng njaluk ora gelem weweh
|
Senang minta tetapi tidak mau memberi
|
Happy ask but not want give
|
Jaran kerubuhan empyak
|
Wis kapok banget
|
Sudah ampun sekali
|
Have pardon
|
Jarit lungset ing sampiran
|
Duwe kapinteran ora diecakake, suwe-suwe ilang
|
Punya kepintaran tetapi tidak dikembangkan, lama-lama hilang
|
Have cleaver not developing, along blank
|
K
| |||
Kacang mangsa ninggala lanjaran
|
Tingkah polahe anak ora adoh saka tingkah polahe wong tuwane
|
Perilaku anak tidak jauh dari perilaku orang tua
|
Behavior clever not far from behavior of parent
|
Kadang konang
|
Ngakoni sadulur mung karo sing sugih-sugih bae.
|
Mengaku saudara tetapi yang kaya-kaya saja
|
Confess brother or sister but only expensive
|
Kakehan gludhug kurang udan
|
Akeh kesaguhane nanging ora ana nyatane
|
Banyak kesanggupan tetapi tidak ada nyata
|
Many power but not there are fact
|
Kalah cacak menang cacak
|
Kabeh panggawe perlu dicoba dhisik bisa utowo orane
|
Semua pekerjaan perlu dicoba dulu bisa atau tidaknya
|
All work need try again
|
Kaandhang langit kemul mega/ mendung
|
Wong sing ora duwe papan panggonan
|
Orang yang tidak punya tempat tinggal
|
People not have living
|
Kaya baladewa ilang gapite
|
Wong sing ilang panguwasane
|
Orang yang hilang kekuasannya
|
People have not order
|
Kaya dhayung oleh kedhung
|
Oleh dalan sing prayoga (cocok)
|
Dapat jalan yang cocok
|
Can road not agree
|
Kaya wedhus diumbar ing pakacangan
|
Wong ala dipitaya ngreksa barang sing siji
|
Orang jelek dikerjakan barang yang satu
|
Ugly of people work
|
Kebanjiran segara madu
|
Nemu kabegjan (rejeki) kang gedhe
|
Menemukan rejeki yang besar
| |
Kebo kaboten sungu
|
Wong kabotan ngopeni keluargane, amarga kakehan anak
|
Orang keberatan memelihara keluarga, karena kebanyakan anak
| |
Kebo mulih menyang kandhange
|
Bali mulih menyang desane, sawise lunga ngumbara
|
Kembali pulang ke desa, setelah pulang mengembara
| |
Kebo ilang, tombok kandhang
|
Wis kelangan barang, malah ngetokake wragad maneh
|
Sudah hilang barang, makin mengeluargan harta banyak
| |
Kebo nusu gudhel
|
Wong towa njaluk wuruk marang wong enom
|
Orang tua minta belajar pada orang muda
| |
Kegedhen empyak, kurang cagak
|
Kegedhen kekarepan nanging ora sembada
|
Kebanyakan kemauan tetapi tidak bekerja sendiri
| |
Kajugrugan gunung menyan
|
Nemu kabegjan (rejeki) gedhe banget
|
Menemukan rejeki banyak sekali
| |
Kekudhung balung macan
|
Aling-aling jenenge wong kang duwe kuwasa
|
Menghalangi namanya orang yang punyak kuasa
| |
Kelacak kepathak
|
Wis ora bisa mungkir saka kaluputane amargo kebukten
|
Sudah tidak bisa mangkir dari kesalahan karena sudah terbukti
| |
Kemladheyan ngajak sempal
|
Wong nunut (mondhok), nanging gawe kerusakan
|
Orang memondok, tetapi membuat kerusakan
| |
Kendel ngringkel, dhadhag ora godag
|
Ngakune kendel lan pinter, jebule jirih tur bodho
|
Melakukan berani dan pintar, ternyata takut dan bodoh
| |
Kenes ora ethes
|
Sugih umuk nanging bodho
|
Tong kosong bunyi nyaringnya
| |
Kencana katon wingka
|
Sanajan anake ora ayu (bagus), wong tuwa tetep tresna
|
Meskipun anaknya tidak cantik (ganteng), orang tua tetap sayang
| |
Keplok ora tembok
|
Melu seneng-seneng nanging ora gelem urun wragad
|
Ikut senang-senang tetapi tidak mau ikut berkorban
| |
Kerot tanpo untu
|
Duwe kekarepan nanging ora duwe wragad
|
Punya kemauan tetapi tidak punya materi
| |
Kere nemoni malem
|
Gas-gasan olehe mangan (kesusu)
|
Terburu-buru
| |
Ketepang ngrangsang gunung
|
Duwe kekarepan sing mokal bisa dilakoni
|
Punya kemauan yang tidak bisa dilaksanakan
| |
Ketiban awu sanget
|
Ora ngerti opo-opo melu diarani
|
Tidak mengerti apa-apa ikut dijuluki
| |
Ketula-tula katali
|
Tansah nandhang kang ora kapenak
|
Tidak bekerja yang tidak enak
| |
Klenthing wadhah masin
|
Isih ketara tilas kelakuwane sing ora becik
|
Masih kelihatan bekas perilaku yang tidak benar
| |
Kleyang kabur kanginan
|
Wong urip sing kalunto-lunto, ora duwe panggonan sing tetep
|
Orang hidup yang terlunta-lunta, tidak punya tempat yang tetap
| |
Kongsi jambul wanen
|
Nganti tuwo banget
|
Sampai tua sekali
| |
Kriwikan dadi grojogan
|
Prakara cilik suwe-suwe dadi gedhe
|
Perkara kecil lama-lama sampai besar
| |
Kumenthus ora pecus
|
Doyan umuk, nanging ora sembada
|
Suka bicara, tetapi tidak bekerja
| |
Kuncung nganti gelung
|
Wiwit bocah nganti diwasa
|
Sejak bocah sampai dewasa
| |
Kurung mungggah lumbung
|
Batur diepek bojo
|
Pembantu di jadikan istri
| |
Kutuk marani sunduk
|
Wong kang marani bebaya
|
Orang yang menemui berbahaya
| |
Kutuk nggedhong kemiri
|
Menganggo kang mbejaji liwat dalan sing gawat
|
Menggunakan sombong lewat jala yang bahaya
| |
L
| |||
Landak kecengklak
|
Wong angku nemu kacilakaan, amargo saka kalakuane dhewe
|
Orang sombong menemukan kecelakaan, karena dari perilakunya sendiri
| |
Lahang karoban manis
|
Bagus rupane tur luhur bebudene
|
Ganteng wajahnya ditambah luhur budinya
| |
Lambe satumang kari samerang
|
Nuturi bola-bali ora digugu
|
Menasehati sudah lama tetapi tidak dijalani
| |
Legan golek momongan
|
Wis kapenak, malah golek kangelan
|
Sudah enak tetapi cari kesusahan
| |
Lumpuh ngideri jagad
|
Duwe kekarepan sing mokal kelakon
|
Punya keinginan yang tidak terjadi
| |
M
| |||
Madu balung tanpa isi
|
Papadon amarga barang sepele
|
Rebut-ribut karena barang sepele
| |
Matang tuna, numbak luput
|
Nindakake samubarang gawe tansah luput
|
Melakukan semuanya membuat semua lepas
| |
Mbalung usus
|
Kekarepan sing kendho kenceng
|
Keinginan yang tidak merekat
| |
Mburu uceng kelangan deleg
|
Mburu barang sepele, malah kelangan sing gedhe
|
Memburu barang sepele, tetapi kehilangan yang besar
| |
Mbuwang tilas
|
Enthok-enthok ora ngerti marang tumindak ala kang lagi bae dilakoni
|
Pura-pura yang tidak mengerti terhadap perilaku jelek yang tidak lagi dikerjakan
| |
Merangi tatal
|
Mindho gaweni
|
Mengulangi pekerjaan
| |
Mubra-mubru blabur madu
|
Sarwa kecukupan marga akeh rejekine
|
Semua kecukupan Karena banyak rejeki
| |
N
| |||
Nabok nyilih tangan
|
Nindakake pagewean ala sarana kongkonan wong liya
|
Melakukan pekerjaan jelek perantara merintah orang lain
| |
Ngagar metu kawul
|
Ngojok-ngojok kareben dadi pasulayan
|
Mengajak-ngajak keinginan jadi kerugian
| |
Ngalasake negara
|
Ora manut tatanane Negara
|
Tidak ikut tata tertib Negara
| |
Ngaturake kidang lumayu
|
Nuduhake pepenginan sing angel kecekele
|
Menuduh cegahan yang sulik celaka
| |
Ngamut legining gulo
|
Sawise ngrasakake kapenake, emoh ngowalake
|
Sasudah merasakan keenakan, tidak mau mengembangkan
| |
Ngenteni kereme prau gabus. Ngenteni timbale watu item
|
Njagakake samubarang kang mokal kelakon
|
Menjagakan sesuatu yang bakal terjadi
| |
Nglungguhi klasa gumelar
|
Kari nemu kapenake
|
Tinggal menemukan keenakan
| |
Nguthik-uthik macan dhedhe
|
Nggugah nesu wong
|
Menggugah marah orang
| |
Nguyah segara
|
Weweh kang tiwas-tuwas (tanpo gulo)
|
Member yang asin-asin(tanpa gula)
| |
Njagakake endhoge blorok
|
Ngarep-arep barang sing durung karuwan
|
Mengharapkan barang yang belum kelihatan
| |
Njajah desa milang kori
|
Lelungan menyang ngendi-endi
| ||
Njunjung ngentebake
|
Ngalembana nanging duwe karep ngesorake
| ||
Nucuk ngiberake
|
Wis disuguh nganggo mbrekat maneh
| ||
Nututi layangan pedhot
|
Ngoyak barang sepele sing wis ilang, tur ora cucuk karo rekasane
| ||
Nyolong pethek
|
Ora cocok karo petheke (pangirane)
| ||
O
| |||
Ora ganja, ora unus
|
Ora ana pilihane (ala rupane, ala uga atine)
| ||
Ora ngerti kenthang kimpule
|
Ora ngerti bab prakarane
| ||
Ora tembung ora lawung
|
Njejupuk apa-apa tanpa nembung dhisik
| ||
Ora uwur ora sembur
|
Ora gelem aweh rembug sathithik-sathithika
| ||
Othak-athik didudut angel
|
Katone gampang jebule angel
| ||
P
| |||
Pandengan karo srengenge
|
Memungsuhan karo wong kang duweni panguwasan
| ||
Pandhita endhog (antelu)
|
Wong kang laire kaya-kayaa suci
| ||
Pitik troncol diumbar ing padaringan
|
Wong ala dipitaya nunggu barang kang aji
| ||
R
| |||
Rampek-rampek kethek
|
Nyedhaki wong ala mesthi bakal mialani (nyilakani)
| ||
Rawe-rawe rantas, malang-nalang putung
|
Apa-apa kang ngalang-alangi kekarepan disingkirake
| ||
Rebut kemiri kopong
|
Kepingin nduweni (melik) barang sepele
| ||
S
| |||
Sandhing kebo gupak
|
Kumpul karo wong ala, wusanane katut ala
| ||
Sedhakep ngawe-awe
|
Mareni pagawean ala, nanging isih kepengin ngelakoni maneh
| ||
Sembur-sembur adas, siram-siram bayem
|
Donga, muga-muga kaleksanan saka puji pandongane wong akeh
| ||
Sepi ing pamrih, rame ing gawe
|
Tumindak mempeng tanpo duwe pamelik opo-opo
| ||
Sluman-slumun slamet
|
Sanajan kurang ati-ati, ewadene diparingi slamet
| ||
Sumur lumaku tinimba
|
Wong pinter njaluk diangsu kawruhe
| ||
T
| |||
Tembang rawat-rawat, ujare bakul sinamberawa
|
Kabar sing durung mesthi bener lupute
| ||
Timun wungkuk jaga imbuh
|
Mung dianggo jaga-jaga yen ana kurange
| ||
Timun mungsuh duren
|
Wong cilik memungsuhan karo wong gedhe
| ||
Trenggiling api-api mati
|
Ethok-ethok ora merduli, nanging sejatine nggatekake
| ||
Tulung menthung
|
Karepe mitulungi, nanging malah nyusahake wong kang ditulung
| ||
Tumbak cucukan
|
Gaweane seneg adul-adul
| ||
Tumbu oleh tutup
|
Cocog karo kekarepane (cocog jodhone)
| ||
Tuna satak, bathi sanak
|
Rugi bandha ora dadi apa, anggere bathi pasaduluran (mitra)
| ||
Tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati
|
Turune wong asor dadi wong gedhe, turune wong gedhe dadi wong asor
| ||
U
| |||
Ula marani gebug (gitik)
|
Njarak marang bebaya
| ||
Undhaking pawarta, sudaning kiriman
|
Pawarta iku lumrahe saya owah saka nyatane
| ||
W
|
(Sumber/ source :Abikusno.1988. Pepak Basa Jawa. Surabaya:Express.)
| ||
Welas temahan lalis
|
Welas marang liyan, nanging malah gawe rekasane sing diwelasi
| ||
Y
| |||
Yitna yuwana, lena kena
|
Sing ngati-ati nemu slamet, sing sembrana bakal nemu cilaka
|
Ini apa yaπππππππππππππππππππππΉπΉπΉπΉπΉπΉπΉπΉπΉπΉπΉπΉπΉπΉπΉπΉπΏπΏπΏπΏπΏπΏπΏ ada yang salah
BalasHapusIya ada yang salah
Hapusπππππππππππππππππ>< >< >< ><π€π
HapusApa ya yang salah sampai marah banget gitu .....ππ
BalasHapusSaya gak ngerti deh....saya gk ikut ikut..
BalasHapusApanya sih yang salah menurut saya semua itu bener deh ππ€πββ
BalasHapusYg salah apa?
BalasHapus