Gamelan,
tembung menika mesthi asring kapireng lan mboten asing ing talingan kita.
Punapa malih ing tlatah Jawi, amargi gamelan punika salah satunggaling asil
kabudayan Jawi. Sacara etimologi tradisional, gamelan menika saking tembung “
ga ” ( 3 ) lan “ sa “ ( 10 ); “ ga “ menika tembaga lan “ sa “ menika swasa
utawi timah. Salajengipun tembaga lan timah dipuncampur, saengga ngasilaken
perunggu, kuningan , lan tosan. Miturut bausastra basa Jawi, gamelan ( gangsa )
menika araning tetabuhan ingkang rericikanipun kadosta, baron, saron, gender,
balungan, lan sapanunggalanipun.
Perangan
– peranganipun gamelan menika mawarni – warni inggih menika, boning ( bonang
panembung, barung, lan panerus ), balungan ( saron demung, saron ricik, lan
saron panerus / peking ), gender ( slenthem, barung, lan penerus ), gong ( gong
gedhe, suwukan, lan kempul / gong kecil ),kendhang, kenong, kethuk, rebab (
gesek ), kenthong ( gedhe, batangan, lan ketipung ),siter ( petik ), suling
(tiup ), gambang, kempyang, lan ora umum ( kecer, kelana, lan keramat). Salebetipun
pewayangan ( pedhalangan ) dipuntepang kalih laras musik gamelan inggih menika,
slendro ( wilahan notasi: 1,2,3,4,5,6,1,2 ) lan laras pelog kaperang kalih,
pelog barang & pelog manis. Pelog barang ( wilahan notasinipun: 7,2,3,4,5,6
) lan pelog manis (wilahan notasinipun: 1,2,3,4,5,6 ). Gamelan miturut
wujudipun wonten kalih inggih menika, gamelan ageng lan gamelan barut (gamelan
saking tosan ). Dados gamelan menika orkestra musik ingkang dipunangge ngiringi
pementasan wayang kulit sewengi suntuk.
Menawi
dipungatosaken kanthi tlesih, nuansa salebetipun musik gamelan ingkang
bahanipun saking tosan, kulit kewan ( kendhang ), lan kajeng ( gambang ), sarta
kawat ( rebab ) saleresipun ngisyarataken “ filosofi gamelan “ ingkang tegesipun
“ guyup rukun “ alias kagotong – royongan utawi kasarengan ingkang dipunpimpin
dening kendhang. Kamangka, gotong – royong kangge satunggaling ancas menika
ciri khas rakyat Indonesia kados ingkang nate dipungali rakyatipun kanyata “
gotong – royong “. Musik gamelan asring kasebut ugi kaliyan “ seni karawitan “,
maknanipun ngrawit ( alus sanget, ewet sanget ). Kangge seniman, dhalang,
wiyaga ( penabuh gamelan ) ibaratipun kados “ garwanipun “ / “ kanca
kenthelipun “. amargi, ing pundi kemawon panjenenganipun badhe tampil,
panjenengaipun dipuntuntut nggadhahi kepekaan raos dhumateng wirama gamelan
ingkang laras slendro utawi laras pelog.
Saengga pagesangan musik gamelan sampun ngalami perjalanan panjang sanget. Tegesipun sampun gesang membudaya lan mentradisi salebeting papan lan wekdal pagesangan sosial – budaya bebrayan pendukungipun. Panjenenganipun sampun marisaken estetik musical, konsep lan hal ingkang asipat teoretik, sarta maringi kontribusi salebetipun pagesangan membudaya bebrayan pendukungipun. Panjenenanipun ugi saged kasil miyosi margi ingkang panjang sacara dinamis jumbuhaken dinamika sosial – budaya bebrayanipun. Temtunipun salabetipun konteks salajengipun pagesangan musik gamelan menika piyambak,mboten uwal saking tigang hal penting menika, proses pengalihan kesagedan kangge musik gamelan, kontribusi musik gamelan kangge pagesangan mbudaya, lan rembakanipun kekaryan.
Saengga pagesangan musik gamelan sampun ngalami perjalanan panjang sanget. Tegesipun sampun gesang membudaya lan mentradisi salebeting papan lan wekdal pagesangan sosial – budaya bebrayan pendukungipun. Panjenenganipun sampun marisaken estetik musical, konsep lan hal ingkang asipat teoretik, sarta maringi kontribusi salebetipun pagesangan membudaya bebrayan pendukungipun. Panjenenanipun ugi saged kasil miyosi margi ingkang panjang sacara dinamis jumbuhaken dinamika sosial – budaya bebrayanipun. Temtunipun salabetipun konteks salajengipun pagesangan musik gamelan menika piyambak,mboten uwal saking tigang hal penting menika, proses pengalihan kesagedan kangge musik gamelan, kontribusi musik gamelan kangge pagesangan mbudaya, lan rembakanipun kekaryan.
Geseripun
orientasi ingkang nyakup aspek musicalitas ( garap lan estetika musik gamelan),
paedah, kebebasan kreativitas kekaryaan, sistem transmisi kesagedan (pendidikan
musik gamelan ), sistematisasi notasi, lapangan makarya seniman musik gamelan,
asring kedadosan ing donya music gamelan.
Ing
Jawa, wiwit taun 1970-an, minangka akibat saking rembakaning riset ing pawiyatan
pawiyatan gamelan, ngelmu kesarjanaan gamelan ngrembaka. Munculipun teyori –
teyori gamelan musisi – musisi Jawi ngakibataken teyori gamelan ingkang
dipunilhami pikiran Eropa kacampur kaliyan perspektif musisi Jawi. Babagan
menika ugi dipunakibataken dening ningkatipun makarya sesarenganipun
antawisipun teoritisi – teoritisi gamelan, Jawi utawinipun Eropa. Saking
kadadosan menika saged dipundudut bilih gamelan luwih mendonya tinimbang
wayang. Sepisan, nilai mboten wujud gamelan, samenika ingkang dipunbetahaken
warga donya. Semangat individualisme ing Barat menika sangsaya damel tiyang
gesang kapuruk salebetipun katerasingan. Panjenenganipun ugi mboten purun
mirengaken suwantenipun tiyang sanes. Nah, menawi kita nabuh gamelan, purun
mboten purun kita mirengaken tiyang sanes. Mboten saged tiyang nabuh piyambak –
piyambak, saengga munculaken toleransi. Sadaya tiyang salebetipun dolanan
gamelan dados creator, dados kompresor. Salebetipun dolanan gamelan, wekdal
damel musik menika wekdal pasugatan menika piyambak. Nalika tiyang dolanan
gamelan menika dados tiyang. Lan warga donya nembe pengin gadhah cara dolanan
ingkang mawarni – warni. Gamelan dipunginakaken ing Eropa minangka terapi
kangge manungsakaken malih tiyang – tiyang ingkang dipunukum.
Salintunipun
gamelan menika ugi dipunginaken kangge nglatih kesabaran ugi kecerdasan.
Salebetipun dolanan gamelan ugi dipunbetahaken konsentrasi ingkang inggil,
supados anggenipun nabuh leres lan suwantenipun gamelan selaras ugi kepenak
dipunmirengaken. Dados intinipun nyinaoni gamelan inggih menika supados kita
luwih saged ngetrapaken toleransi, makarya sesarengan, lan temtu kemawon saged
nglatih raos / batiniah. Saengga saged ngasilaken alusipun lan timbangipun
emosi.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar