Rabu, 11 Desember 2013

Tokoh Wayang




·         Prabu Yudistira
Prabu Yudistira iku raja ing nagara Amarta minangka putra pembarepe Prabu Pandhudewanata. Nalika isih enom asmane Raden Puntadewa. Yudisthira iku sabar banget, kondhang duwe getih putih, mulane ora tau nesu. Margasipate kang utama mau, Yudisthira tansah kali sing bebaya. Prabu Yudisthira kagungan pustaka aran jimat Kalimasada kang anjalari ngedohake musuh, njaga kaslametan.
·         Werkudara
Werkudara uga diarani Bimasena sawijining satriya gagah prakosa duwe gaman aran kuku pancanaka lan gada rujak polo. Kasatriyane ana Jodhipati saputra loro yaiku Prabu Gathotkaca lan Antareja saka garwane kang sesilih Dewi Arimbi lan Dewi Nagagini.
·         Janaka
Raden Janaka ya Raden Arjuna kondhang baguse, prigel, lan trampil manah minangka panengahing Pandhawa. Gamane kang ampuh yaiku panah pasopati. Garwane jenenge Dewi Wara Sembadra papan dununge ana kasatriyan Madukara.
·         Prabu Salya
Prabu Salya iku raja Negara Mandraka. Nalika isih mudha asmane Narasoma putrane raja Mandrapati. Garwane Prabu Salya asmane Dewi Setyawati. Prabu Salya sekti mandraguna. Kagunga aji-aji jenenge Cendrabirawa. Yen diwateg bisa nuwuhake reseksa bajang cilik-cilik maewu-ewu cacahe. Raseksa bajang mau ora bisa mati. Saben dikepruk malah bisa dadi ikel pindho. Aji Candrabirawa kalahe among dening kesabaran. Nalika Candrabirawa andhep-adhepan karo Prabu Yudisthira kang kondhang ora tau duka, Candrabirawa kepanansan kaya diobong, wasana ngoncati. Ing batin Prabu Salya tresna banget marang Pandhawa, ratu Astina iku mantune dhewe. Prabu Salya melu Kurawa amarga kepeksa.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar