Kejawen yaiku tradisi
kanggo ngatur urip wong jawa sing ana kawit mbiyen. Kejawen dipercaya ana saka
jaman masyarakat jawa dwipa. Lan kejawen pancen ana kawit mbiyen sing di
andharake ing Guru Ingkang Murbeng Dumadi liwat titisanne Panjenenganne dalem
kaki semar “kejawe iki ana wiwit mbiyen mula,nalikane wong nang tanah jawa isih
gung liwang Liwung” lan ing jaman masyarakat dwipa kejawen iku dipercaya bisa
ngatur urip sing lewih apik.
Kejawen akeh dipercaya ing masyarakat
jawa, ing jaman kerajaan Mataram, Surakarta lan Jogjakarta kejawen iki kanga
gaya agama sing nduweni nuansa mistik. Ing jerone nduweni etika, adat istiadat
lan tradisi-tradisi lia-liane. Sadurunge jaman kerajaan Mataram, Surakarta lan
Jagjakarta kejawen iku namung kanggo usaha ngucap syukur dumateng Gusti
pangeran sing wis menei urip lan ngatur uripe menungsa.
Kejawen uga nduweni etika, adat
istiadat sing bisa kanggo pendidikan pembentukan moral sing luhur lan budi
pekerti luhur bangsa. Sing di utamakna ing nilai kejawen yaiku njaga
keseimbangan urip lair lan batin ngangga cara “ngundi sejatining becik” sing
semboyanne “hamemayu bayuning urip bebrayan lan hamemayu bayuning bawana”.
Kejawen uga dadi paugeran lan nilai tradisi. Paugeran kejawen ana telu yaiku :
(1) masalah urip kabeh ana sing gawe urip.
(2) ora nglarani sepada-pada menungsa.
(3)
ora meksa wong lia kudu kaya awake dewe.
Nanging ing jaman saiki kejawen wis
mulai ngilang amarga kejawen dianggep musrik merga ing tradisi kejawen ana sing
di arani tapa, puasa 40 dina, ora mangan sega, ngrakeh lan lia-liane. Anggepan
nek kejawen iku musrik kuwi ana wiwit agama-agama liane mlebu ing tanah jawa
sing pandagan lan cara nyembah Gusti maha agung iku wis beda lan kabeh-kabeh
ngrumangsani nek agamane deweke paling apik. Nanging sejatine tradisi
tapa,puasa ngrakeh iku kangga intropeksi awake dewe lan latian priatin men
mengkone bisa urip lewih apik lan bener.
Kejawen iku sebenere aturan-aturan
sing diengga para leluhur kangga ngatur urip supaya urippe ora keliru marang
hal-hal sing elek. Ing tradisi kejawen akeh conto-conto sing bisa kanggo
ngregani marang menungsa, marang bumi, marang segara, lan lia-liane sing kabeh
kuwi wis menei manfaat kanggo menungsa. Mula mulai saiki aja ninggalake
tradisi-tradisi kejawen sing akeh gunane karo sepada-pada menungsa lan kanggo
ngucap syukur marang Gusti Maha Agung.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar