Kamis, 12 Desember 2013

Skenario


1. Definisi
Skenario yaiku rantaman utawa ringkesan lakon sandiwara, drama, film, lan sinetron. Skenario utawa naskah iku kadadean saka babak-babak.
Saben babak, biasane dibagi perangan-perangan kang diarani adhegan, lan adhegan iku perangane babak kang diwatesi dening owah-owahane swasana, papan, lan gentine utawa tekane paraga liya.
Ing sajroning skenario ana istilah kang diarani pandom, yaiku perangane naskah kang nerangake kahanan/swasana, sipat lan tingkah lakune paraga, lan liya-liyane. Biasane, pandom iku ditulis ing antarane tandha kurung.
Menawa arep gawe skenario sing asale saka sawijine crita prosa, kita kudu ngowahi wujud crita saka prosa iku dadi dialog.
2. Tuladha Skenario
Tarno mlebu. Ambegane ngos-ngosan, kringete pating kleler,
Yani
:
Kowe saka ngendi, Tarno? Kok mlayu-mlayu lan ambeganmu ngos-ngosan.
Bambang
:
Iya, ana apa, No?
Tarno
:
Saka omahe Pak Bardi. (Isih karo ngos-ngosan)
Yani
:
Leren dhisik, lan ambegane ditata!
Bambang
:
Yan, jupukna banyu putih!
Tarno
:
(ngombe banyu putih kang dijupukake Yani)
Bambang
:
Wis, saiki critakna kadadeane kanthi alon-alon!
3. Pentas Drama
Pentas drama yaiku mraktekake utawa maragakake skenario/naskah nganggo piranti-piranti kang nyata. Drama meh padha karo film, bedane menawa ing sajroning pementasan drama ora bisa diendhek, yen ana kesalahan ing sajroning pentas iku, paraga kudu bisa gawe improvisasi dhewe. Nanging menawa ing film bisa diendhek, amarga proses gawe film iku nganggo kamera, yen ana sing salah bisa dibaleni shooting maneh. Drama uga bisa dipadhakake karo teater, mung bae teater iku cakupane luwih amba.
Yen arep mentasake sawijining drama, kudu nemtokake:
  1. Latar lan Panggung
Latar yaiku papan lan wektu. Papan lan wektu ing drama kudu cocok karo critane. Upamane crita Diponegoro, panggonane ana ing Jogjakarta (bisa neng jero omah utawa neng medhan gerilya), ing antarane taun 1825-1830.
Dene panggung yaiku papan kanggo pentas drama kang digawe kanthi nggambarake latar. Jenis panggung ana loro: (1) Panggung Realis, yaiku panggung nggunakake property kang nggambarake suasana padha karo ing crita skenarione. Ing panggung realis bisa digunakake backdrop, yaiku kain kang ana gambare kang bisa digulung utawa diunggah-udhunake lan mbentuk latar belakang panggung, lan (2) Panggung Abstrak, yaiku panggung nggunakake perlengkapan apa anane utawa simbolik.
  1. Alur
Alur yaiku lelakoning crita. Alur iki isine konflik antarane tokoh siji lan sijine, antara tokoh ala lan becik.
  1. Blocking
Blocking mujudake gerak lan pindhahe para paraga ing ndhuwur panggung. Gerak lan pindhahe paraga siji lan liyane kudu padha-padha bisa menehi panggonan, supaya menawa ditonton dening audien ora ana paraga sing ketutupan dening paraga liyane.
Pentas drama dening Teater Hampa Indonesia
  1. Tata Busana lan Make Up
Busana utawa kostum kang dienggo dicocokake karo paraga/pelakune. Upamane ana pelaku bocah sekolah, busanane ya kudu nganggo seragam sekolah komplit karo nggawa tas lan alat tulis. Menawa peran polisi, ya luwih becik nganggo seragam polisi. Nanging menawa ing drama komedi, busana iku ora kudu dicocokake karo paragane.
Make Up yaiku saperangkat alat kanggo ngubah penampilan wajah wong kang dadi paraga ing drama. Upamane ing naskah ana peran wong tuwa, nanging calon paragane ora ana sing tuwa, mula fungsi make up iku dienggo ndandani rai calon paraga iku supaya katon tuwa.
  1. Lampu (Lighting)
Lampu utawa lighting iku digunakake kanggo pementasan drama menawa dimainake ing wayah wengi. Werna lampu kang dienggo ing pementasan drama bisa akeh kayata: abang, kuning, biru, ijo, lan liya-liyane. Werna lampu iku saliyane kanggo penerangan lan nambah daya estetika uga kanggo nggambarake suasana crita. Padhang-petenge lampu bisa diatur nganggo alat setelan lampu dimmer.
Lampu kanggo pentas drama/teater
Dimmer
  1. Musik
Musik ing drama iku dumadi saka suara-suara kang diasilake saka alat musik modern utawa alat musik tradhisional/gamelan, kayata: gitar, biola, suling, gong, lan liya-liyane. Alat musik uga bisa digawe saka barang-barang apa anane, kayata: gelas, piring, botol, lan liya-liyane. Suara musik mesthine dicocokake karo suasana adhegan, menawa adhegane sedhih musike uga kudu sedhih. Menawa adhegane seneng ya musike kudu sing seneng.
  1. Perlengkapan/Property
Perlengkapan kang dienggo ing sajroning pementasan drama iku bisa komplit utawa bisa sak anane bae, dicocokake karo panggunge. Latar belakang/background bisa digawe nyata utawa simbolik. Perlengkapan kang biasa dienggo ing sajroning pentas drama kayata:
    1. Level, yaiku kothak kanggo ngadeg paraga kang dhuwure kira-kira 40 cm, lan ukuran ambane ora ditemtokake,
    2. Meja lan kursi, luwih becik kang digawe saka kayu lan bobote entheng menawa arep dipindhah ora merlokake wektu kang suwe,
    3. Kembang, biasane kang wis urip ing ngepot.
    4. Gambar-gambar saperlune,
    5. Topeng, lan liya-liyane.
  1. Personil
Personil ing sajroning pentas drama iku paling ora kudu ana:
    1. Sutradara, yaiku wong kang ngatur lakune drama wiwit saka latihan nganti pementasan. Sutradara uga kudu bisa milih personil-personil liyane,
    2. Tata Musik, yaiku wong kang mahir mainake musik kanggo suara latar (soundtrack) pementasan,
    3. Tata Lampu, yaiku wong kang tugase ngatur pencahayaan ing panggung,
    4. Tata Busana lan Make Up, yaiku wong kang nyiapake kostum kanggo paraga lan ndandani penampilan wajah paraga,
    5. Tata Panggung lan Property, yaiku wong kang tugase nyiapake panggung lan mindhah barang-barang kang ana ing ndhuwur panggung ing saben ganti adhegan,
    6. Pelaku utawa paraga,  yaiku ana gegayutane karo watak. Sing kudu diterangake nalika nemtokake pelaku yaiku: jeneng, umur, lanang utawa wadon, ciri fisik (kayata rambut, warna kulit, pawakan, lan sapiturute), kalungguhan utawa jabatan (raja, kawula, abdi, lan sapiturute). Sajroning milih paraga (casting), sutradara kudu bisa milih calon paraga supaya jumbuh karo paraga kang arep dilakoni, nanging ing drama komedi bisa kosok balene.

Seni, Tradisi, lan Budaya Indonesia


1 WAYANG
   a.  Wayang Kulit
Wayang kulit yaiku seni tradhisi kang ana ing Jawa Tengah, Jawa Timur lan Bali. Wayang kulit awujud boneka kang digawe saka kulit kewan diwenehi warna cet lan rupane kaya manungsa. Paraga kang awujud wayang iku dimainake dening sawijining pawongan kang diarani dhalang.
Wayang kulit mujudake hiburan utawa tontonan kang digelar ing wayang wengi (sewengi muput).
Babagan kang ana ing sajroning wayang kulit yaiu:
     Kelir: layar amba warna putih kang mujudake background/latar belakang kanggo mainake wayang.
 Blencong: lampu minyak kanggo madhangi layar supaya wayang iku menawa ditonton saka samburine layar bisa ngasilake ayang-ayang.
 Mahabharata lan Ramayana: cerita kang dimainake ing pagelaran wayang kulit. Paraga-paraga ing cerita Mahabharata kayata: Pandhawa Lima (Yudhistira, Bima, Arjuna, Nakula, lan Sadewa) lan Kurawa (Duryudana, Dursasana, Bambang Swatama, Durmagati, Kartamarma, lsp.).
 Sindhen/Waranggana: pawongan kang nembang ing sajroning pagelaran.
Nayaga: wong-wong kang nabuh gamelan (pelog lan slendro) ngiringi sindhen nembangake tetembangan.
a.       Wayang Golek
Wayang golek yaiku seni tradhisi kang ana ing Jawa Tengah lan Jawa Barat, awujud boneka kang digawe saka kayu. Wayang golek uga dimainake dening dhalang, nanging ora nganggo kelir, dadi pamiarsa ora nontong ayang-ayang, nanging bisa weruh langsung wujude wayang iku.
Babagan kang ana ing sajroning wayang golek meh padha kabeh kaya ing wayang kulit. Saliyane cerita Mahabharata lan Ramayana, ing pagelaran wayang golek uga dimainake cerita Menak, yaiku cerita ngenani penyebaran agama Islam.
2. Tari Barong
Tari barong yaiku seni tradhisi kang asale saka Bali. Tari barong digelar ing wayah esuk lan pagelaran iku mau dianakake ing ngarep lawang pura. Cerita kang diangkat ing pagelaran tari barong yaiku Calon Arong, kang nyritakake dharma (perkara kang apik) mungsuh adharma (perkara kang ala). Paragane awujud menungsa kang didandani dadi barong (tokoh sing apik) lan leak (tokoh kang jahat). Tari barong uga diiringi nganggo gamelan komplit karo nayagane.
3. Sintren
Sintren yaiku seni tradhisi kang nggunakake mladhang (dhukun) kanthi jampi-jampi lan kebule kukus menyan sarta tetabuhan, pemain/penarine wong wadon kang durung jejodhoan. Menawa prawane wis ora suci, pagelaran sintren ora bisa kaleksanan.
Sadurunge njoged, penari dilebokake ing sanjerone kurungan pitik.
Sintren biasane digelar ing wektu bengi ing wayah ketiga amarga kanggo nyepetake tibane udan.
4. Tayub
Tayub utawa tayuban yaiku kesenian rakyat kang awujud joged, kang ana ing Jawa Barat, Jawa Timur, lan Jawa Tengah. Tayub nduweni sebutan warna-warna, yaiku
  • ing Blora diarani Sindhir (Sindhiran),
  • ing Pacitan diarani Janggrung,
  • ing Banyumas diarani Lengger,
  • ing Jawa Barat diarani Ronggeng,
  • lan ing Banyuwangi diarani Gandrung.
  • ing Bali uga ana joged meh padha karo tayub, kang diarani Joged Bumbung.
Ing sawijining pagelaran tayub, ana 5 perangkat (unsur) kang ora kena dipisahake, yaiku:
a.       Seniman Joged (Pengibing, Penandhak) yaiku pambeksa priya sing ketiban sampur,
b.       Seniman Pengarih yaiku sawijining petugas sing diwenehi tugas ngawasi yen ana pangibing sing tumindak kliwat wates, upamane nglanggar aturan main utawa nerak kausilan,
c.       Seniman Pengrawit yaiku pengrawit tembang nganggo seperangkat gamelan.
      Juru Beksa Putri, yaiku penembang/vokalis kairingi seperangkat gamelan.
      Pangguyub yaiku wong kang nduwe tanggung jawab sakabehe pagelaran.


5.  Reog Ponorogo
Reog Ponorogo mujudake kesenian kanga asale asli saka Ponorogo, Jawa Timur. Paragane awujud wong kang nganggo topeng macan, lan wong-wong kang numpak jaran kepang.
Cerita kang diangkat ing sajroning pagelaran Reog Ponorogo dijupuk saka sejarah Kerajaan Bantarangin (Ponorogo), kang diprentah dening Prabu Kelono Sewandono kang jaman semana arep nglamar Dewi Sangga Langit saka Kediri. Ing tengah dalan, rombongan Prabu Kelono Sewandono dicegat dening Singo Barong. Wusanane perang adu kasekten ora bias dialang-alangi, nanging Singo Barong kalah, banjur gelem dadi abdine Prabu Kelono Sewandono.
Piranti musik kanggo ngiringi pagelaran Reog Ponorogo yaiku: kendhang, kenong, kempul, trompet, gong, lan angklung.
6. Jolenan
Jolenan yaiku tradhisi merti/ngresiki desa kang ana ing Desa Somangari, Kecamatan Kaligesing, Kabupaten Purworejo, Jawa Tengah. Jolenan dianakake saben wulan Sapar rong tahun pisan.
Tradhisi jolenan diwiwiti esuk, sarampunge jolen ditata lan didandani bareng ing lingkungan RT utawa dhukuh dhewe-dhewe, banjur digawa menyang Balai Desa arep dikirab. Sadurunge diarak mubeng desa, kabeh kelompok kesenian tradisional sing ana ing Desa Somangari dipentasake dhisik ing ngarep kuburane Mbah Kedhono-Kedhini kang mujudake leluhur warga desa.
Jolen isine tumpeng, ingkung pitik, gemblong, lelawuhan, lan maneka warna jajanan liyane. Ing njaba jolen isih ana woh-wohan sing ditata kaya gunungan.
 7. Sekaten
Sekaten yaiku tradhisi kang ana ing Ngayogyakarta lan Surakarta kang dianakake saben tanggal 12 Rabi’ul Awal, yaiku kanggo mengeti wiyose Nabi Muhammad SAW. Sekaten biasane digelar ing alun-alun kraton.
Ing tradhisi sekaten ana tontonan:
  1. Tetabuhan gamelan (Kyai Sekati, Kyai Guntur Madu, lan Kyai Naga Wilaga),
  2. Wong dodolan endhog abang,
  3. Wong dodolan suruh kinang,
  4. Wong dodolan pecut,
  5. Wong dodolan sega gurih, lan
  6. Metune gunungan grebeg saka kraton kang mujudake sedekah Sri Sultan kanggo kawulane.